NASKAH PEMBAWA
ACARA MENJELANG IJAB QOBUL (ATURIPUN PAMBIWARA BADHE TUMAPAK IJAB QOBUL NIKAH)
Sebaiknya
keluarga telah lebih dulu menunjuk beberapa orang untuk membantu menata posisi
tempat duduk calon pengantin, sekaligus mempersilahkan petugas dan saksi ijab
qobul. Pada waktu tersebut biasanya calon mempelai wanita akan memasuki tempat
ijab qobul dengan didampingi beberapa kerabat.
Contoh
Naskah Pembawa Acara Menjelang Ijab Qobul :
Para
tamu ingkang winantu ing pakurmatan,
Mekaten
pasrah panampining calon temanten kakung sampun paripurna badhe kalajengaken
ijab qobul paningkahing temanten, awit saking menika katur dhumateng Bapa
................ lan Bapa ...................., kasuwun nglenggahaken calon
temanten kakung ing papan ijab, dipun kantheni saksi ijab saking pihak kakung.
Ugi
katur dhumateng Ibu ....................... lan Ibu ...................... mugi
keparenga hanganthi calon temanten putri, kalenggahaken ing papan ijab, salajengipun
wali inggih panjeneganipun Bapa ............ kasuwun pinarak ing papan ijab,
ugi saksi ijab saking pihak calon temanten putri kasuwun pinarak lenggah ing
papan ijab. Katur dhumateng pejabat saking Kantor Urusan Agama Kecamatan
.......................... kasuwun pinarak lenggah ing papan ijab.
Para
tamu,
Ingkang
mengku gati lumantar pambiwara nyuwun donga puji lan pangestu mugi acara ijab
qobul paningkahing temanten punika kalampahan kanthi wilujeng nir hing
sambikala. Wijiling calon temanten putri sinubagya ungeling Ktw. Sekarteja. Katur
dhumateng para ingkang piniji ing karya kasumanggak’aken rahayuning prasedya.
NASKAH PEMBAWA ACARA KETIKA MEMBERIKAN WAKTU KEPADA QORI / QORIAH (PAMBIWARA NYAOSAKEN
WEKDAL DHUMATENG INGKANG PINIJI MAOS AL-QUR’AN)
Menjelang
pelaksanaan ijab qobul, biasanya diawali dengan pembacaan ayat suci Al Qur’an.
Dalam hal ini, ada baiknya Qori / Qoriah (pembaca) sudah mempersiapkan diri.
Contoh
Naskah Pembawa Acara Menjelang Pembacaan Ayat Suci Al Qur’an :
Para
tamu,
Handungkap
tumapaking gati ijab qobul paningkahing temanten, panjenenganipun Bapa
.................. sekaliyan garwa (ingkang mengku gati) hanglenggana bilih
manungsa hamung wenang hambudidaya, dene purba wasesa wonteng ing kamirahanipun
Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking punika wekdal punika badhe
katindhak’aken pamaosing ayat suci Al-Qur’an dening Bp./Sdr.
.................minangka sarana panyuwunan dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang
Maha Agung.
Kasuwun
mugi para tamu paring panjurung puji miturut kapitadosanipun sowang-sowang,
katur dhumateng Bp./Sdr. .......................... kasumanggak’aken.
NASKAH PEMBAWA ACARA MEMASUKI PROSESI IJAB QOBUL NIKAH (PAMBIWARA NYAOSAKEN WEKDAL
TUMAPAKING IJAB QOBUL NIKAH)
Usai
pembacaan Ayat Suci Al Qur’an, maka masuk acara Ijab Qobul. Setelah saksi dan
petugas dari pemerintah menempatkan diri, maka pembawa acara menyerahkan waktu
sepenuhnya kepada petugas. Untuk memulai acara, ada baiknya pembawa acara
memintakan restu kepada hadirin agar acara bisa berjalan lancar.
Contoh
Naskah Pembawa Acara Menjelang Ijab Qobul Nikah :
Para
tamu,
Mekaten
pamaosing ayat suci Al-Qur’an kangge sarana panyuwunan Dhumateng Gusti Ingkang
Maha Wikan, sampung katindak’aken dening Bp./Sdr. ...................., ingkang
mengku gati ngaturaken agunging panuwun awit sedaya panjurung puji donga saking
para tamu mugi-mugi Gusti Allah ngijabahi panyuwunipun ingkang mengku gati.
Salajengipun
tumapak adicara ijab qobul nikah, wekdal sakcekapipun kula aturaken dhumateng
bapak pejabat saking Kantor Urusan Agama (KUA) Kecamatan ...................,
kasumanggak’aken.
MATERI
PEMBAWA ACARA USAI IJAB QOBUL NIKAH DAN DILANJUTKAN PEMASANGAN CINCIN (ACARA
IJAB QOBUL NIKAH PARIPURNA KALAJENGAKEN PAMASANGING KALPIKA TRESNA TUMRAP
TEMANTEN SEKALIYAN)
Pemberian
sekaligus pemasangan cincin dari orang tua kepada mempelai usai Ijab Qobul merupakan
bukti kasih sayang dan rasa syukur karena telah terlaksananya acara Ijab Qobul
tersebut.
Contoh
Naskah Pembawa Acara Pemasangan Cincin :
Para
tamu,
Ijab
qobul nikah sampun kalampahan kanthi wilujeng lancar sepen ing rubeda. Mamrih
suka sarta nambahi raos sih sinisihan menggahing temanten sekaliyan, rama
ibunipun temanten bade suka pratanda sarana pamasanging kalpika tresna tumrap
temanten sekaliyan. Pamasanging kalpika tresna bade kapratitisaken Ibu
.................. kasumanggak’aken.
NASKAH PEMBAWA
ACARA MEMPERSILAHKAN PENGANTIN MENUJU KURSI PELAMINAN (TEMANTEN BADE
KALENGGAHAKEN ING PAPAN PINIJI)
Setelah
pemasangan cincin selesai, maka tugas pembawa acara adalah mempersilahkan
mempelai untuk menempati kursi pelaminan. Saat menuju kursi pelaminan,
seyogyanya mempelai didampingi dua orang (ibu-ibu). Sebagai iringan, gunakan
Gending Ldr. Sri Widada Pl. Br.
Contoh
Naskah Pembawa Mempersilahkan Mempelai Menuju Kursi pelaminan :
Para
tamu,
Paripurna
pamasanging kalpika tresna inggih kalpika rukmi, temanten sekaliyan badhe
kalenggahaken ing sasana rinengga, katur dhumateng Ibu .............. lan Ibu
................. rahayuning sedya kasumanggak’aken. Kabiwaldha ungeling Ldr.
Sri Widada Pl. Br. - Get link
- X
- Other Apps
- Get link
- X
- Other Apps
Comments
Post a Comment