Skip to main content

CONTOH NASKAH PEMBAWA ACARA AGAR DUTA PAMETUK MENJEMPUT MEMPELAI PRIA



CONTOH NASKAH PEMBAWA ACARA AGAR DUTA PAMETUK MENJEMPUT MEMPELAI PRIA
 (ATURIPUN PAMBIWARA, SUPADOS PARAGA DUTA PEMETUK (CARAK) BIDHAL DHUMATENG PONDHOKANIPUN TEMANTEN KAKUNG)
Sebelum pelaksanaan serah terima dalam sebuah resepsi pernikahan Jawa adat Surakarta, mempelai pria yang sudah bersiap di tempat peristirahatan / tempat busana, lebih dulu dijemput oleh 2 orang panitia yang disebut Duta Pametuk.

Dua orang tersebut bertugas mendampingi mempelai pria memasuki tempat serah terima. Sebagai pengiring Duta Pametuk, bisa menggunakan gending Ldr. Temanten.

Contoh Naskah Pembawa Acara Agar Duta Pametuk Menjemput Mempelai Pria :
Para tamu ingkang satuhu luhuring budi,
Kanthi raharja kalis ing rubeda, temanten putri samangke sampun kalenggahaken ing dhampar rinengga, hanyrantos tumapaking adicara dhaup panggihing pinanganten miturut adat widana ingkang sampun lumampah ing ngriki.

Hawit saking menika katur dhumateng Bapa ............... lan Bapa ................. ingkang jinejer minangka Sang Narpa cundhakanipun Bapa ............... Samangke kepaarenga rumagang ing kardi, siyaga ing karya, saperlu mapag temanten kakung dhumateng sasana pondhokan, inggih pakuwonipun temanten kakung, ingkang salajengipun mugi tetuangganing rombongan temanten tumunten rawuh ing sasana pawiwahan.
Rahayuning karya kula sumanggakaken.
Jengkaring duta pamethuk ingurmatan Ldr. Temanten.


CONTOH NASKAH PEMBAWA APABILA ROMBONGAN MEMPELAI PRIA SUDAH SIAP MEMASUKI TEMPAT PERNIKAHAN
 (ATURIPUN PAMBIWARA BILIH ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG SAMPUN SIYAGA LUMEBETING SASANA PAWIWAHAN)
Dalam hal ini, pembawa acara menyampaikan bahwa rombongan telah memasuki tempat pernikahan. Usahakan pembawa acara selalu menggambarkan suasana selama duta pametuk menjemput mempelai pria hingga mereka memasuki tempat pernikahan. Hal ini dimaksudkan agar acara tidak terdapat jeda yang berlebih sehingga suasana lebih hidup.

Setelah rombongan bersiap di tempat serah terima, maka tugas berikutnya seorang pembawa acara adalah mempersilahkan wakil tuan rumah untuk berdiri dengan cara berhadapan langsung dengan rombongan mempelai pria. Kemudian, disusul oleh kedua orang pangapit dan tuan rumah berdiri tepat dibelakang wakil tuan rumah. 

Contoh Naskah Pembawa Acara Apabila Rombongan Mempelai Pria Sudah Siap Memasuki Tempat Pernikahan :
Para tamu ingkang pantes sinudarsana.
Sampun katingal saking katebihan, tetuangganing rombongan temanten kakung, hangirit santana warga panggrubyuking temanten kakung andhampyak-dhampyak lumaris nyaketi sasana pawiwahan.

Dhumateng panjenenganipun Bapa ................ ingkang minangka sulih sarira Bapa ............... (ingkang mengku gati), kula suwun pinarak ing sasana panampining pasrah, kaapit Bapa .............. lan Bapa ....................., wondene Bapa ............... lan Ibu ................. (ingkang mengku gati) kula suwun pinarak ing sawurinipun. Mugi-mugi rawuhipun rombongan tansah pinaringan rahayu wilujeng.

Comments

Popular posts from this blog

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka...

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·        ...

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma...