Skip to main content

CONTOH NASKAH PEMBAWA ACARA KETIKA MEMPELAI WANITA AKAN MEMASUKI PELAMINAN

CONTOH NASKAH PEMBAWA ACARA KETIKA MEMPELAI WANITA AKAN MEMASUKI PELAMINAN
(CONTOH ATURIPUN PAMBIWARA, TEMANTEN PUTRI BADHE MIJIL SAKING SASANA BUSANA TUMUJU SASANA PAHARGYAN)
Sebelum Pembukaan acara pernikahan, sebaiknya pembawa acara bekerjasama dengan panitia, untuk memastikan kesiapan mempelai di saat menjelang acara. Usahakan pembawa acara mempunyai orang khusus yang ditunjuk panitia untuk membantu tugas pembawa acara secara teknis di lapangan. Melalui orang khusus tersebut, pembawa acara akan mendapatkan segala informasi tentang kesiapan tiap tahapan acara.
Jika mempelai telah siap maka pembawa acara bisa memulai acara. Setelah pembukaan, pembawa acara langsung menyampaikan kepada tamu undangan bahwa mempelai akan memasuki tempat acara.
Contoh Naskah Pembawa Acara Saat Mempelai Wanita Hendak memasuki Tempat Resepsi :
Para tamu kakung putri igkang satuhu bagya mulya,
Kados-kados pinanganten putri anggenya ngulas wadana, nglulur sarira hambok bilih sampun paripurna. Esthining driya badhe hanetepi adat widi widana ingkang sampun lumampah.

Mijilipun pinanganten putri badhe dipun embani Ibu ................. lan Ibu .................. Wondene ingkang mratitisaken lenggah ing sasana pinajang panjenenganipun Ibu ....................., inggih juru pangrengga busananing temanten.

Awit saking menika katur dhumateng para ingkang piniji hangembani jejibahan rahayung sedya kula sumanggak’aken. Mijilipun pinanganten putri saking sasana busana, sinubagya ungeling Ktw. Sekarteja.
(Mijiling Pinanganten putri lamun cinandra mencorong tejane).


CONTOH NASKAH PEMBAWA ACARA MENGIRINGI MEMPELAI WANITA MEMASUKI TEMPAT RESEPSI (CANDRANIPUN TEMANTEN PUTRI MIJIL SAKING SASANA BUSANA)
Setelah pembawa acara memberikan isyarat kepada mempelai wanita dan rombongan, maka gending Ktw. Sekarteja langsung dimainkan sebagai iringan ketika mempelai wanita memasuki tempat resepsi, menuju kursi pelaminan. 

Selama mempelai wanita berjalan menuju kursi pelaminan, tugas pembawa acara adalah menggambarkan suasan tersebut dengan menggunakan bahasa yang tertata sedemikian rupa. Dalam hal ini, usahakan pembawa acara lebih menonjolkan unsur keindahan bahasa. Sebagai referensi, berikut saya tampilkan contohnya.

Contoh Naskah Pembawa Acara Saat Mempelai Wanita memasuki Tempat Resepsi (Menuju Kursi Pelaminan) :
Anenggih ingkang cinarita ora kaya kang aneng madyaning sasana wiwaha, sasana kang dumunung aneng kampung ................. Marma winastan sasana wiwaha, sasana iku papan wiwaha wus hangarani yekti sawijining papan kang kinarya hamiwaha titah kang ndaweg palakrama, amastuti adat widi widana kang lumampah ing tlatah Surakarta.
Papaning pawiwahan rineka kadya karatoning narendra, katitik saking rerengganing pepasren kang maneka warna, umbul-umbul agung katon malengkung kadya kluwung. Tanem tuwuh katon subur, angrembuyung, yekti punika roning gurda (ringin) kang agung.

Tebu katon marikelu kadya asung pakurmatan maring para tamu. Janur kuning lan cengkir gading pinajang ing wiwara mapan kanan lan kiring. Pisang raja sakembaran sengadi sinengker minangka pralambang kawibawan. Pramila ing pandhapi katingal asri jalaran pinter ingkang nata dekorasi.
Nulya kawuryan ana wanodya sulistya ing warni ginarubyug remaja putri ingkang binusanan sami membrane kadya srimpi, kaladuking kang nyandra saking sulistyane nganti kaya kirabing hapsari.
Hanenggih sekaring pawiwahan inggih temanten putri rara ................ putri saking Bapak ............. – Ibu ....................... ingkang pidalem ing ...................
Lamun cinandra peranganing sarira wiwit pucuking jempol suku ngantos pucuking rikma, tan ana cacate, bebasan turah warna kurang candra. Rikmanira ngembang bakung cemeng memes , saya ketingal kewes (gandhes).

Cundhuk mentul cacah pitu lamun kanggo lumaku menthul-menthul kados asung pakurmatan dhumateng para tamu. Ngagem kebayak landhung corek nyampinge sami kaliyan temanten kakung cakrike sidomukti hamimbuhi sulistyaning warni.

Kasud pada warna biru kanggo lumaku tan kena lebu, awit anggenira ngagem mboten dangu. Patah sakembaran mungging ngarsa, yekti punika lare ingkang dereng ical pupuk lempuyange, bebasan dereng tedhas nggeget suruh anggeget jambe, nanging wus mrantasi gawe, dadi patah bisa nengsemake.
Wondene ingkang tansah hangayomi lampahe temanten putri tuhu punika wanodya kang wus lebda ing pakarti, tansah rumeksa yuwananing lampah kanthi patrap kangng sarwa ngarah arah, pamrihe dimen pernah, sarta tansah hambudi daya murih tansah manggih suka ing manah, wontenipun namung gambira lan bingah.
Laju lampahe sang sitaresmi ya mustikaning pawiwahan samangke sampun prapta hunggyaning kang tinuju sasana kursi rinengga kang apindha dampar kencana, temanten putri nulya kalenggahaken sarwi hangrantu laksitaning adicara.

Comments

Popular posts from this blog

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka...

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·        ...

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma...