Skip to main content

CONTOH NASKAH PEMBAWA ACARA UNTUK PEMBUKAAN DALAM ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA (ATUR BEBUKA DENING PAMBIWARA)

Dalam resepsi pernikahan, peran seorang pembawa acara (MC) sangat menentukan kelancaran acara. Kerapian susunan acara dan ketepatan waktu menjadi barometer kesuksesan pembawa acara dalam acara pernikahan. Selain itu, pembawa acara juga diharapkan mampu membawa suasana lebih berkesan. Baik bagi mempelai maupun para tamu.
Mengingat pentingnya peran seorang pembawa acara, maka kerjasama yang baik dengan seluruh panitia dalam acara pernikahan, mutlak diperlukan. Melalui blog ini, saya akan berbagi tentang contoh-contoh naskah untuk pembawa acara dalam pernikahan Jawa adat Surakarta.
Sebagai permulaan, berikut saya tampilkan postingan contoh naskah pembawa acara untuk pembukaan dalam acara pernikahan dalam Bahasa Jawa. Selain itu, dalam blog ini saya juga telah membagikan contoh naskah dalam tiap season acara.
Contoh Naskah Pembukaan Dalam Pernikahan :
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Awit saking sih wilasaning Gusti Allah Ingkang Maha Agung mugi paring rahmat lan kawilujengan dhumateng sagung para tamu sedaya.
Kawula Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun para sepuh – pinisepuh kakung sumawana putri ingkang pantes pinundhi-pundhi.
Para alim ulama, ingkang sampun mungkuling panembah, dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Suci.
Panjenenganipun para sarjana sujeneng budi, ingkang sampun lebda ing kawruh putus ing ilmu.
Para wredha ingkang sampun pana ing pamawas lebda ing pitutur.
Para prayagung pangembating praja ingkang hanggung mastuti pepoyaning kahutaman.
Para manggalaning yuda satriyaning nagari ingkang tansah rumeksa tata raharjaning nagari.
Sarta para tamu ingkang winantu ing pakurmatan.
Mugi keparenga kula pambiwara hamurwani lekasing sedya wigatosing perlu, karana anggen kula kapitedhan sinaraya dening panjenenganipun Bapak ................. sekaliyan garwa, ingkang wekdal kalenggahan menika hamiwaha putra mahargya siwi, putra-putri hanenggih rara ............. jinatu krama (badhe jinatu krama) dening bagus ................., priya tanaya saking panjenenganipun Bapak .............. Ingkang pidalem ing ...............
Namung kewala, sakderengipun kula nglajengaken atur, jumbuh kaliyan gegebenganing bangsa ingkang adhedasar Pancasila saha tansah hanengenaken Panembah, suwawi keparenga kula dherekaken ngaturaken sembah puji konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Suci, hawit saking rumentahing kawilujengan tuwin kabahagyan, sahingga ing wekdal menika panjenengan lan kula wonten salebeting suwasana kabahagyan.
Para tamu ingkang satuhu bagya mulya,
Wondene menggah rantaman urut-urutan lampahing tata adicara sampun karacik karakit dening kulawangsa ingkang mengku gati, sinengkuyung para kadang ingkang sami sabiyantu ing kridha dharma.
Pambiwara kantun ngecak’aken, ingkang menika tumunten badhe binuka purwaning pahargyan, kula suwun para tamu paring puji pangestu murih lampahing adicara, wiwit purwa, madya ngantos wusananing sedya, lumampah lancar sepen ing rubeda. Salajengipun sinambi nyrantos tumapaking gati keparenga pinarak hangestreni kanthi suka mardhikaning panggalih.

Comments

Popular posts from this blog

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka...

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·        ...

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma...