ATURIPUN
PMBIWARA BILIH UPACARA PANGGIH SAMPUN RAMPUNG KALAJENGAKEN UPACARA KROBONGAN
Para tamu ingkang
satuhu pantes hingurmatan.
Saparipurnaning
upacara panggih punika badhe kalajengaken upacara krobongan, antawisipun
timbangan, tandur, kacar kucur (maringaken guna kas kaya saking temanten kakung
dhumateng temanten putri), kalajengaken dahar kembul, bubak kawah / tumplak
punjen.
Katur dhumateng ibu
............... wekdal kasumanggak’aken.
CONTOH
NYARIOSAKEN TUMAPAKING UPACARA KROBONGAN
Para tamu kakung putri
ingkang winantu ing pakurmatan, wekdal meniko badhe tumapak upacara krobongan,
antawisipun timbangan. Bapa............lenggah wonten tengah-tengahipun
pinanganten kakung lan putri, dene Ibu................. lenggah wnten sak
ngajengipun temanten sarwi matur dumateng Bapa................. “Kados pundhi
pak? bobotipun keng putra tamanten, sampun timbang menopo dereng?”. Dipun jawab
: “Wis, padha wae”. Ingkang menika ateges bobot timbanganipun sampun sami.
Purna upacara
timbangan kalajengaken tandur. Temanten sekaliyan kajumenengaken saking
palenggahan, Bapa.............. menetaken pundhakipun temanten kekalihipun
supados lenggah malih sarwi dipun mantrani pangucap : “Bismillahirohmanirrohim,
wiwit dina iki kowe sakloron tak tandur ana madyaning bebrayan, bisoa subur
makmur, hayu hayen hangayomi, bagya mulya kalis ing rubeda.
Saparipurnaning
upacara tandur pinanganten nunten nindhakaken upacara kacar kucur, temanten
kakung maringaken guna kas kaya dumateng pinanganten putri, arupi uwos lan arta
dipun wadahi tilam lampus (klasa klapa/klasa pasir) dipun suntak wonten ing
sindur ingkang pinangku temanten putri, menika pralampita bilih jejering kakung
wajib hangupadi boga wastra (sandang lawan tedhi) ingkang murakabi sugeng ing
bebrayan. Dene temanten putri wajib wajib nindak’aken gemi lan nastiti
ngubetaken rejeki ingkang premati. Sak sampunipun nampi guna kaya saking
temanten kakung, guna kaya lajeng kaaturaken / kakintunaken dumateng ingkang
ibu, suka pratanda tirahanipun rejeki dipun celengi.
Saparipurnaning
upacara kacar kucur kalajengaken ngunjuk toya degan utawi toya wening, suka
pratanda supados pinanganten tansah sabar lan wening. Toya menika sumbering
gesang, amargi sedaya makhluk mboten saged gesang tanpa toya.
Purna pangunjuking
toya wening temanten sekaliyan dhahar kembul dulang-dinulang. Suka pralampita
saking tresnanipun sihsinihan mila umpamia wonten dhaharan namung sekedhik,
kanthi sabaring penggalih dhaharipun kembul sawadah. Menika ugi satunggaling
pralampita tiyang gesang kedah amboga (nedha) supados gadah daya kekiyatan).
Para tamu ingkang
satuhu luhuring budi, upacara krobongan badhe kalajengaken bubak kawah, amargi
Bapa.................. nembe mantu sepisanan.
Dene tumapaking
upacara bubak kawah badhe katindak’aken Bapa................. wredha ingkang
piniji dening ingkang mengku gati.
(katindak’aken dening
juru busananing pinanganten)
Comments
Post a Comment