ATURIPUN
PAMBIWARA SAK SAMPUNIPUN UPACARA PASRAH TINAMPI KALAJENGAKEN ATUR BADHE
PANGGIHING TEMANTEN
Para tamu ingkang
satuhu sadu budi, upacara pasrah tinampen sampun paripurna, karana sampun
tuntas dumugining pada atur panampining pasrah ingkang kasarira Bapa
...................., ingkang salajengipun nunten badhe katindhakaken upacara
panggih miturut adat widi widana ingkang sampun lumampah ing mriki. Ingkang
kepareng hamanggihaken temanten panjenenganipun Ibu .......................,
ingkang nyawisaken ubarampe Ibu ..................., ingkang kasuwun ngapit
temanten putri Ibu ................. lan Ibu ..................... Wondene
ingkang kasuwun ngapit temanten kakung Bapa ............... lan Bapa
................. Katur dhumateng para tamu kakung putri, saiba badhe suka
gambiraning manah menggahipung ingkang hamengku gati, hambok bilih anggenipun
paring pangestu wonten ing acara panggih, para tamu sedaya kepareng jumeneng,
ingkang menika sumangga kula dherek’aken. Tumapaking upacara panggih kula
sumanggakaken Ibu ................., hingurmatan swantening gangsa kodhok ngorek,
mugi Gusti Ingkang maha Agung hangijabahi. (Mungel gangsa kodhok ngorek,
pambiwara lajeng nyandra).
CONTOH
CANDRANIPUN TEMANTEN PANGGIH DENING PANATACARA
Hawit saking sih
wilasaning Gusti Ingkang Maha Mirah lan Maha Asih, kaya wus dumugi wahyaning
mangsa kala panggihing pinanganten kakung miwah pinanganten putri, ingkang
mastuti ila-ila dawuhing para kina kang wus cinandhi ing awiyat jinempana
angin, saha nulat edi endahing budaya luhur, marsudi mardawaneng budaya tulus.
Budaya ateges budi lan daya ingkang tuwuh saking osiking panggalih, tulus
hamengku werdi saliring pangesti tumuju ing kahutaman. Kawuryan pinanganten
putri wus jengkar saking sasana rinenggo kinanthi dening pangembaning
pinanganten, tumuju papan sinengker, inggih papan ingkang kangge manggihaken
temante.
Swaraning pradangga
munya hangrangin kadi asung pepuji mring pinanganten kekalih murih kang kaesti
dadi kang sinedya teka. Saya caket – saya caket anggenya sami lumaksana
temanten kekalihipun sampun sami apagut tingal. Tempuking pandulu catur netra
mahanani rasa geter ing sanubari, manunggaling rasa tresna lan asih sinurung
kasmaran ing penggalih, marmane datan bisa cinitra ing ukara. Temanten kakung
putri tumunten sami balang-balangan gantal, ingkang dumadi saking roning sedah
temu rose kalinting tinangsulan lawe wenang, gantal kang kabalangaken temanten
putri winastan gondhang kasih, wondene gantal kang kabalangaken temanten kakung
winastan gondang tutur.
Prapteng papaning
panggih wus kacawisaken tirto wening mungging bokor sinebaran puspa tri warna,
sekar mawar, sekar melathi miwah sekar kanthil, mujudaken satunggaling sasmita
menggahing temanten sekaliyan ingkang sampun pinasthi jinodho hawit saking
karsanipun Gusti, lamun winawar ing tembung manis saking kedhaling lathi
mahanani kumanthil-kanthil blebesing ati. Pramila samubarang pakarti mugi
tansah linambaran budi kang wening, wijiling pangandika kumedaling lathi mugi
tansah ngati-ati murih hambabar pakarti ingkang premati. Mekaten temanten
tumuten tangkep sata sinartan puji donga dening ibu / bapak ingkang
manggihaken, ing pamuji nyuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Suci
mugi-mugi temanten sekaliyan manggih bagya mulya nunten pinaringan tuwuhing
wiji, marmane temanten kakung nunten midhak antiga pecah sakala. Nulya temanten
putri laju hanjengku amijiki samparanipun ingkang raka, jroning batos sagedto
mbucal sukerta ingkang dumunung wonten hangganipun temanten kakung. Sawusnya
temanten putri sembah kalbu tumunten kajumenengaken dening ingkang raka.
Temanten kakung putri jajar sumanding nunten siningepan sindur ingkang warni
gula klapa dening ingkang ibu, sigra jumangkah tumuju ing pajangan, inggih ing
sasana kursi rinengga, laju lampahira. Lulus raharja kalising rubeda samangke
temanten sekaliyan sampun badhe nindhak’aken upacara krobongan minangka
jangkeping upacara panggih. Ingkang punika katur para tamu kakung miwah putri
kasuwun pinarak lenggah malih kanthi suka mardikaning panggalih.
Comments
Post a Comment