Skip to main content

CONTOH MATERI UNTUK PEMBAWA ACARA SAAT KIRAB KANARENDRAN


PAMBIWARA NYARIOSAKEN BILIH SUBAMANGGALA SAMPUN SIYAGA WONTEN SANGAJENGIPUN TEMANTEN, NUNTEN BADHE NYASMITANI JENGKARING TEMANTEN SAKING PALENGGAHAN
Datan kawursita mangkana Ki Subamanggala samangke sampun prapta wonten sak ngajengipun pinanganten, nunten paring sasmita supados temanten sekaliyan siyaga manjing sasana busana, marma, lamun cinandra jengkaring pinanganten saking sasana pinajang lir pendah, narendra kondur hangedhaton. (Lajeng mungel buka celuk Sri Narendra dawah Ketawang Langen Gito).


CONTOH CANDRA KIRAB KANARENDRAN
Hanenggih punika ta warnanira pinanganten sarimbit, ingkang sampun jengkar saking palenggahan dampar rinengga, harsa tindak mring sasana busana, inggih panti busana, Sasana punika papan busana sampun mastani, yekti ing mangke temanten sarimbit badhe gantos ageman, rucat kawaca kanarendran silih busana kasatriyan.
Jengkaring pinanganten sarimbit ginarubyuk sagung para kadang kadeyan miwah putri dhomas. Kawistara ngalela hanggung papilethan, kekanthen  asta renggang gula kumepyur pulut tan genggang sarambut. Ingkang punika kapracihna bilih samukawis wus samya tetunggalan, cipta rasa karsa, lenging sedya manthenging pangesti muhung dawuhing Gusti Ingkang Maha Suci.
Sakalangkung edi endahing busana, kawasa akarya gawok ingkang sami hamirsani. Endhing busana mengku pralampita luhuring gegayuhanira. Kekudanganing para sepuh, temanten kakung sageda angayomi keluwarga, hambeg hayu hayem miwah hayom. Hayu tansah ngudi rahayuningwarga lan bebrayan, hayem bisa gawe tentrem, hayom kasinungan watak pangrengkuh temahan dadi pengayoman.
Dene pinanganten putri kinudang dadya wanita sejati, kang handarbeni watak tata, titi, tatas lan pratitis. Tata pinter mranata bale wisma, titi tegese setiti ngati-ati ngubengake rejeki, tatas samubarang kang kasengkul mrantasi, tumandhuking pamicara mboten nalisir saking paugeran temahan arum wicarane.
Punapa ta busananipun temanten kakung.
Ngagem makutha kanigara mungging mustaka, ageman baludru kresna sinulam benang kencana, ngengreng katon gantheng dasar priya kang utama. Ngagem sabuk bara numpang wentis sisih kanan cinaken wiron udarakara tigang nyari jembare. Epeke warni cemeng binaludir katon ngengreng, ulur-ulur kadya sulur, singgetaning sangsangan mungging jaja. Ngagem wangkingan ladrang ukiran tunggak semi sinung gegombyok sekar melati, ebah-ebah kinarya lumaksana katempuh ing samirana mawa ganda arum angebaki sasana wiwaha.
Mekaten ugi busananipun pinanganten putri ingkang sarwa edi peni. Kebayak warni langking sinungging benang rukmi, ngalembreh ngantos sak ngandaping jengku (sak ngandaping wadigang). Nyamping sida mukti tan prabeda kaliyan ingkang kakung. Ukel winangun bokor mengkurep, kablasong rajut dadya patut, linekeran oncen-oncen sekar melati hanggendharah tumumpang pamidhangan kanan, lamun cinandra lir pendah tarulata kang tuwuh ing imbaning aldaka. Cundhuk mentul katon mengucul tetunggulira winangun alas-alasan cacah pitu, mengku suraos tansaah sumendhe pitulungane Gusti kang wenang murba lan masesa.
Dhasar temanten kakung putri wus pinesthi jodho awit saking karsaning Gusti, ketitik sarwi sami barakaning samukawis. Bobotipun timbang, warninipun jumbuh, yuswanipun barakan, kang mangkana datan mokal sedaya sami ngalembana dhumateng ingkang ndaweg winiwaha.
Datan kantun hanenggih ibu kekalih, panjenenganipun Ibu.................. lan Ibu..................... Ingkang tansah tut wuri rumeksa yuwananing temanten kakung putri. Sinambet ing wuri lah punika barisaning putri piniji ingkang winastan putri domas. Ketingal samya ngagem kebayak sarwa sigrak, tumindak nilas tapak, dasaripun sami pinter macak. Busana edi peni, maneka warni akarya reseping ati.
Sinambet wuri pangombyonging lampah dumadi saking para kadangipun pinanganten putri. Minangka pethiting kirab besan sekaliyan dalasan ingkang mengku gati. Barisaning kirab ketingal rantab-rantab bebasan anglir mendung, maneka warna busanane, ingkang busana cemeng cinandra kadya dandang areraton, ingkang busana jenar kadya podhang binorehan, ingkang busana wilis pinda samudra mawa teja, ingkang busana rekta kadya giri kawalegar (kadya wana kobar). Nanging menawi ginerba candraning busana manca warna lir pendah hanjaranging puspita kang nedhenge mangrurah sari. Wus mengker saking pandulu, kirabing pinanganten sampun manjing sasana busana raharja nir ing sambikala.

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN LUMEBET ING SASANA BUSANA
Para tamu ingkang satuhu luhuring budi, lulus raharja jengkaring pinanganten saking sasana pahargyan samangke sampun manjing pepengkeran. Lumebeting sasana busana nedya rucat kuwaca kanarendran silih busana kasatriyan. Hambok bilih sampun sampat busananipun mangke nunten kasowanaken malih wonten ngarsanipun para tamu. Sinambi hanyrantos sowanipun pinanganten kasuwun para tamu kanthi suka mardika pinarak ing palenggahan sinambi hamirsani atur pasugatan gumelaring lelangen beksan....................... (Midhangetaken pasugatan gending-gending jawi).

Comments

Popular posts from this blog

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·          Tigang wulan winastan TRI LOKAMAYA , inggih alam gondar gandir, menawi mboten ngatos-atos saged runtuh, nanging kan

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka