Skip to main content

Ucapan Selamat Datang / Pambagyaharja


NASKAH PEMBAWA ACARA MEMPERSILAHKAN WAKIL TUAN RUMAH MENYAMPAIKAN UCAPAN SELAMAT DATANG PADA ACARA IJAB QOBUL (PAMBIWARA NYAOSAAKEN WEKDAL KANGGE PAMBAGYA WILUJENG)

Dalam acara yang resmi dan dihadiri banyak orang, sudah sepatutnya tuan rumah menyampaikan ucapan selamat datang dan inti acara yang digelar pada saat itu.  Tuan rumah bisa mewakilkan kerabat atau tokoh terkemuka untuk menyampaikan ucapan selamat datang tersebut.


Contoh Naskah Pembawa Acara Mempersilahkan Wakil Tuan Rumah Menyampaikan Ucapan Selamat Datang :

Para tamu sarta para lenggah ingkang satuhu luhuring budi,
Inggih awit raos bombong sinawung ing suka, dhumawahing kabegjan tinemuning jodo ingkangkaparingaken dening Gusti Ingkang Mawa Kawasa dhumateng keluwarga Bapa ..................... sekaliyan, pramila ngantos mboten kuwagang nyabawa caos atur pambagya wilujeng rawuhipun para tamu sarana pribadi, ingkang punika atur pambagya wilujeng bade kaaturaken dening Bapa ................., jumenengipun kaapit Bapa ...................... lan Bapa ....................., minangka sumulih sarira saking ingkang mengku gati.
Katur dhumateng Bapa .................. kasumanggak’aken rahayuning sedya.


CONTOH UCAPAN SELAMAT DATANG PADA ACARA IJAB QOBUL NIKAH (CONTO PAMBAGYA WILUJENG ING ACARA IJAB QOBUL NIKAH)

Ucapan selamat datang, dalam jawa biasa disebut dengan istilah “pambgyaharja”. Selain kerabat, tuan rumah biasanya menunjuk tokoh terkemuka untuk melaksanakan acara tersebut.

Butuh waktu hingga 10 menit untuk acara ini. Karena, selain ucapan selamat datang, juga akan disampaikan inti acara dan ucapan terima kasih kepada semua panitia yang sudah membantu terlaksanya acara tersebut. Selain itu, do’a restu untuk kedua mempelai juga menjadi inti dalam ucapan selamat datang.

Contoh Naskah Ucapan Selamat Datang :

Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
Kasugengan, karaharjan sarta kabagyan awit saking berkahing Gusti allah Ingkang Maha Wikan, mugi tansah kasarira panjenenganipun para tamu ing palenggahan.
Nuwun,
Para sepuh pinisepuh sarta ajisepuh ingkang pantes kinabekten, para tamu kakung miwah putri ingkang tansah winantu ing pakurmatan.
Inggih awit nuhoni pamundhutipun ingkang mengku gati panjenenganipun Bapa ................. sekaliyan garwa, kula piniji ing karya supados ngaturaken pasegahan panakrama pambagya wilujeng rawuhipun para tamu ingkang satuhu pantes hingurmatan.

Sinartan tansah ngaturaken suka miwah sukur dhumateng kamirahaning Gusti Ingkang Maha Suci, kula ngaturaken pambagya wilujeng rawuhipun para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi. Ngaturaken panuwun ingkang tanpa utami dene para tamu sampun kersa nglonggaraken wekdal ingkang mestinipun kangge kepentingan sanes, ewo sematen rawuh wonten ing ngriki ingkang saperlu bade paring paring pangestu donga kalawan puji dhumateng ingkang mengku gati.

Ingkang mengku gati nuwun inggih Bapa .................... sekaliyan garwa nyuwun pangapunten ingkang sakalangkung ageng amargi anggenipun caos pakurmatan rawuhipun para tamu, inggih ingkang arupi palenggahan sarta pasugatan, mboten saged handadosaken suka renaning penggalih amargi kawontenan ingkang sarwa winates.

Para tamu ingkang satuhu luhuring budi,
Kados ingkang sampun kawuningan, bilih kala wau watawis tabuh ............ Bapa ............... sekaliyan garwa sampun kalampahan ngleksanani ijab qobul paningkahing temanten, putra putri nimas rara ................ jinatukrama minangka dados jodonipun inggih semahipun anak mas ................. putra kakungipun Bapa ...................... sekaliyan garwa, ingkang pidalem ing .....................

Lampahing acra ijab qobul nikah lumampah lancar tidhem tentrem kalis ing rubeda. Pramila sinartan ngagungaken raos sukur dumateng ngarsanipun gusti Allah Ingka Maha Welas Asih, Bapa ........................ sekaliyan garwa nyuwun puji donga lan pangestu mugi-mugi temanten sekaliyan dados keluarga bahagia lahir batin, hayu hayom hangayomi (inggih keluwarga sakinah, mawadah, warohmah, sejahtera lahir batin) tinebihaken saking cecongkrahan dahuru daredahing sesemahan.

Mugi Gusti Allah Ingkang maha Agung enggal paring nugraha dhumateng temanten sekaliyan, tuwuhing wiji ingkang saged nyambet sejarah reh tumerahipun ingkang sami bebesanan.
Para tamu,
Inggih awit saking agunging raos syukur ing ngajeng, dening ingkang mengku gati badhe kapahargya ngiras pante nindakaken sarta ngleruri adat widi widana dhaup panggihing pinanganten, mbenjing dinten ................. surya kaping ................... wanci tabuh ................. mapan wonten ing ..................

Badhe saya tambah bombong bingahing manah tumrap ingkang mengkugati hambok bilih ing wekdal kasebat para tamu kepareng hangestreni miwah paring puji lan pangestu. Pitungkasing atur, ingkang mengkugati nyuwun pangapunten menggah kiranging bojakrama miwah kiranging suba sita anggenipun caos pakurmatan dumateng para tamu.

Kalebet ugi kula ingkang piniji hangembani wuwus minangka sulih sarisra saking ingkang mengkugati nyuwun pangapunten menawi wonten tuna dungkap, sisip cewet mboten saged mranani penggalih awit cupeting seserepan kirang pana dhumateng wewarah wewangsoning para winasis ing reh pangrumpakaning basa, mugi para tamu maringaken samodraning pangaksama.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Comments

Popular posts from this blog

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·          Tigang wulan winastan TRI LOKAMAYA , inggih alam gondar gandir, menawi mboten ngatos-atos saged runtuh, nanging kan

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka