Skip to main content

Pasrah Terima



NASKAH PEMBAWA ACARA MENJELANG ACARA PASRAH TERIMA (ATURIPUN PAMBIWARA BADHE RAWUHIPUN ROMBONGAN CALON TEMANTEN KAKUNG)

Mengawali acara ijab qobul, terlebih dahulu dilakukan acara serah terima calon pengantin pria. Penyerahan diwakili oleh pimpinan rombongan pengantin pria dan diterima oleh wakil tuan rumah. Biasanya rombongan pengantin pria sudah bersiap diri di dekat pintu masuk tempat ijab qobul (tempat pernikahan).

Contoh Naskah Pembawa Acara Menjelang Serah Terima :

Para sepuh pinisepuh sarta para tamu Ingkang winantu ing pakurmatan.
Kawistara tetuangganing rombongan calon pinanganten kakung sampun caket sasana pahargyan, ingkang salajengipun badhe katindhak’aken acara pasrah panampi, hawit saking punika katur dhumateng Bapa ................, kanthi kaapit Bapa .............. lan Bapa .............. kasuwun pinarak jumeneng ing sawurinipun.

Para tamu,
Rawuhipun rombongan calon temanten kakung sinubagya Ldr. Wilujeng Pl. Br.
Katur dhumateng tetuangganing rombongan kasuwun manjing sasana pahargyanpinarak jumeneng ing papan panampining pasrah. Sumangga.



NASKAH PEMBAWA ACARA MENJELANG PASRAH (PAMBIWARA NYAOSAKEN WEKDAL KANGGE PASRAH)

Pembawa acara menyerahkan waktu kepada pimpinan rombongan yang bertugas menyerahkan calon pengantin pria.

Contoh Naskah Pembawa Acara Menjelang Pasrah :

Para tamu ingkang winantu ing suka basuki,
Tetuangganing rombongan calon temanten kakung, nuwun inggih Bapa ................ sampun pinarak jumeneng wonten papan panampining pasrah, awit saking punika sasana miwah pandayawara kasumanggak’aken.



NASKAH PEMBAWA ACARA MENJELANG PENERIMAAN PASRAH (PAMBIWARA NYAOSI WEKDAL KANGGE NAMPI PASRAH)

Pembawa acara menyerahkan waktu kepada wakil tuan rumah untuk menerima pasrah.

Contoh Naskah Pembawa Acara Menjelang Penerimaan Pasrah :

Para Tamu,
Wijang trawaca wijiling pangandika pasrah dening tetuangganing rombongan calon temanten kakung sampun kasarira Bapa .............. Salajengipun panampining pasrah badhe kasarira Bapa ................
Sasana miwah pandayawara kasumanggak’aken.

Comments

Popular posts from this blog

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·          Tigang wulan winastan TRI LOKAMAYA , inggih alam gondar gandir, menawi mboten ngatos-atos saged runtuh, nanging kan

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka