Skip to main content

Pembukaan


NASKAH PEMBUKAAN OLEH PEMBAWA ACARA (ATUR BEBUKA BADHE ACARA SIRAMAN)


Setelah semua persiapan telah dilakukan, maka tugas seorang pembawa acara (Pambiwara / Pambyawara) adalah mengawali acara. Dalam pembukaan pembawa acara hendaklah mengucapkan salam, rasa syukur, dan inti acara tersebut.

Contoh Naskah Pembukaan Acara Siraman :
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Kasugengan, karaharjan tuwin kabahagyan awit saking sih wilasaning Pangeran inggih Gusti Ingkang Maha Wikan, mugi kasarira panjenenganipun para lenggah sarta para tamu sadaya ing palenggahan.

Kawula nuwun,
Para sepuh, pinisepuh kakung sumawana putri ingkang satuhu pantes pinundhi-pundhi.
Para lenggah sarta para tamu ingkang satuhu luhuring budi.

Sinartan hangaturaken sembah puji konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Suci, mugi keparengna kulo pambiwara hambuka wenganing wicara minangkani pamundhutipun ingkang mengku gati, ingkang saperlu caos uningo bilih ing wekdal menika sampun ndungkap tumapaking gati acara siraman (calon) temanten putri nimas rara ..............................., putra putrinipun Bp./Ibu ............................... ingkang badhe jinatu krama dening bagus ............................., putra kakungipun Bp/Ibu ................................ ingkang pidalem ing ........................................

Wondene menggah urut-urutan lampahing acara siraman nuwun inggih :
Kwiwitan mijilipun (calon) temanten putri saking sasana tepas wangi inggih sasana tilam sari nunten sungkem pangabekti dhumateng rama ibunipun ingkang sampun pinarak lenggah ing papan piniji.
  • Sak sampunipun caos sungkem pangabekti, (calon) temanten putri dening rama ibunipun kakanthi manjing papan pasiraman
  • Sampat rampit sarat sarana rerangkening acara siraman, (calon) temanten putri gya siniram jamas mawi toya (her) mawar kang sinembuh toya saking sumber pitu.
  • Pari purnaning acara siraman rama ibunipun (calon) temanten putri nindak’aken acara pecah pamor sarana ndhawahaken lantingan pratala ngantos pecah ing jarambah.
Salajengipun (calon) temanten putri binayang kakanthi manjing sasana tepas wangi. Ing salebetipun sasana tepas wangi, dening rama ibunipun katidhak’aken acara petet rikma utawi potong rikma minangka sarat sarana pambucaling sukerta, Pethetaning rikma dening rama ibunipun tumunten katanem ing papan piniji, suka pratandha bilih sedaya sukerta ingkang sinandang dening (calon) temanten putri sampun katanem, kantuna manggih suka bagya mulya anggenipun badhe bebrayan.

Salajengipun (calon) temanten putri dening juru pangrengga busana dipun halup-halupi ingkang winastan kerik / paes, nunten piningit hing sasana tepas wangi ngantos handungkap tumapaking adicara (nikah) soho panggih miturut adat widi widana ingkang lumampah.

Para sepuh dalah para tamu kakung putri,
Mekaten menggah urutan lampahing adicara siraman.
Ingkang menika nyuwun idhi sarta pangestu saking para sepuh dalah para tamu acara siraman nunten kawiwitan.

Comments

Popular posts from this blog

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·          Tigang wulan winastan TRI LOKAMAYA , inggih alam gondar gandir, menawi mboten ngatos-atos saged runtuh, nanging kan

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka