Skip to main content

Usai Tantingan Dilanjutkan Penerimaan Kancing Gelung


NASKAH PEMBAWA ACARA USAI TANTINGAN (ATURIPUN PAMBIWARA SAK SAMPUNIPUN ACARA TANTINGAN)

Usai acara tantingan, orang tua calon mempelai wanita segera keluar dari tempat yang digunakan untuk acara tantingan. Setelah itu, mereka menyerahkan kancing gelung kepada calon mempelai pria.

Contoh Naskah Pembawa Acara Usai Tantingan :
Para sepuh dalah para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu ing suka basuki. Kawistara Bapa ....................... sekaliyan garwa sampun miyos saking sasana busana temanten.

Awit saking menika, katur anak mas ................ (calon temanten kakung) mugi jengkar saking palenggahan tumuju papan piniji badhe nampi wasita adi saking Bapa ................. sekaliyan garwa, sarta pinaringan kancing gelung saking rama calon marasepuh panjenengan. Sumonggo nun.





NASKAH PEMBAWA ACARA USAI CALON MEMPELAI PRIA MENERIMA KANCING GELUNG (ATURIPUN PAMBIWARA SAK SAMPUNIPUN CALON TEMANTEN KAKUNG NAMPI KANCING GELUNG)

Setelah menerima kancing gelung, calon mempelai pria langsung diboyong oleh orang tuanya menuju tempat peristirahatan. Hal ini bertujuan agar calon mempelai bisa istirahat dan melakukan sejumlah persiapan untuk acara Ijab Qobul.

Contoh Naskah Pembawa Acara Usai Calom Mempelai Pria Menerima Kancing Gelung :
Para tamu, Kawistara sami suka bingah ing manah calon putra mantu lan calon mara sepuh, amargi calon temanten kakung sampun pinaringan kancing gelung, suka pratanda bilih panglamaripun hamethik sekar winadi dipun keparengaken.

Hawit saking menika, kangge hanetepi ila-ila tilaraning para winasis duk ing nguni, katur dhumateng tetuangganing rombongan calon temanten kakung mugi keparenga hamboyong calon temanten kakung dhumateng wisma palereman, saperlu lerem sahana hanyrantos tumapaking acara ijab paningkahing temanten, kasumanggak’aken. Humiring jengkaring rombongan sinubagya Ldr. Sri Widada.

Comments