Skip to main content

Pembukaan Malam Midodareni


PEMBUKAAN OLEH PEMBAWA ACARA (ATUR BEBUKA DENING PAMBIWARA)

Setelah semua persiapan selesai dan keluarga dari masing-masing pihak calon mempelai hadir, maka tugas seorang pembawa acara adalah membuka acara. Pembukaan acara diawali dengan ucapan rasa syukur. Jangan lupa menyisipkan inti serta susunan acara.


Contoh Naskah Pembukaan Oleh Pembawa Acara :

          Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh
Kasugengan, kawilujengan, rahmat saha sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Suci, mugi tansah hangrenggani, kasarira panjenenganipun para tamu sedaya.

Kawula nuwun,
Para sepuh, pinisepuh, sesepuh, aji sepuh, ingkang pantes kinabekten, para tamu sarta para lenggah kakung miwah putri ingkang winantu hing pakurmatan.
Sinartan hangaturaken sembah puji konjuk hing ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Mirah sarta paring berkah, mugi keparengna kulo pambiwara hambuka wenganing wicara, inggih labet anggen kula, badhe nuhoni pamundhutipun ingkang mengku gati panjenenganipun Bp. .............. sekaliyan garwa ingkang dalu menika hanggelar acara dalu midodareni anggenipun badhe ngemah-emahaken atmaja putrinipung ingkang asesilih rara ................ badhe jinatu krama dening bagus .................. putra kakungipun bapa ......................... ingkang pidalem ing ..........................

Wondene menggah urutaning lampah acara midodareni, badhe kapurwakan caos pakurmatan dhumateng rawuhipun tetuangganing rombongan calon besan, kalajengaken pangandika pasrah dhumateng ingkang mengku gati.
Salajengipun pasrah badhe katampi dening wredha ingkang piniji dening ingkang mengku gati.

Saparipurnaning acara pasrah panampi inggih ingkang winastan serahan, ingkang mengku gati panjenenganipun Bapa .................. sekaliyan garwa badhe nindhak’aken acara tantingan, Bapa .................. sekaliyan badhe nanting saha mantebaken kesagahanipun calon temanten putri.

Purnaning acara tantingan , bapa .................... sekaliyan garwa miyos saking kamar busana temanten, suka katrangan sarta paring wasita adi dhumateng calon temanten kakung.

Dene minangka pratandha bilih calon temanten kakung tinampi badhe dados putra mantu, lajeng pinaringan kancing gelung, inggih menika ageman calon temanten kakung ingkang kedah dipun agem wonten acara : .................... (Ijab paningkahing temanten / dhaup panggihing temanten) ing wekdal ingkang sampun tinamtu.

Ingkang salajengipun ingkang mengku gati lumantar paraga piniji badhe caos atur pambagyo wilujeng tumunten kalajengaken acara panebusing kembar mayang sakembaran.

Sakparipurnaning acara nebus kembar mayang acara midodareni paripurna kalajengaken wungon tirakatan dening ingkang mengku gati dalah kula wangsa. Para pinisepuh dalah para tamu ingkang satuhu luhuring budhi,mekaten menggah urut-urutan lampahing acara midodareni dalu menika.

Salajengipun mugi keparenga para tamu pinarak lenggah kanthi suka mardikaning penggalih sarwi hanyrantos tumapaking adicara serahan. Nuwun.

Comments

Popular posts from this blog

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·          Tigang wulan winastan TRI LOKAMAYA , inggih alam gondar gandir, menawi mboten ngatos-atos saged runtuh, nanging kan

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka