PAMBIWARA
NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN
BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN
Para tamu ingkang
winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih
wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki
Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten,
candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe.
(Nunten mungel Subakastawa Sl.9).
CONTOH
KIRAB KASATRIYAN
Suren-surem
dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan
mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana
kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan
candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa,
mangengar-enggaring driya.
Tindhakira
handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun
kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana kapara ngarsa, ing ngajeng sampun
ka’aturaken nuwun inggih panjenenganipun Bapa................ Sanadyan wus
laluyuswa (menawi manggalasuba sampun sepuh), nanging tasih ketingal mrabawa,
karana tri prakawis wus kacakup. Lebda ing kawruh, putus ing ngilmu, mumpuni
ing reh kabudayan. Pramila bebasan agal alit wus karempit salebeting sanubari.
Marma ing mangke
temanten kekalih kawistara gambira ing wardaya mirsani endah edi penining
swasana. Sedaya rerengganing wisma pahargyan rinakit kanthi hiyeg eka kapti,
kakung lan putri sami rumagang ing kardi, mila papan limrah lajeng ketingal
asri.
Dasaripun ing papan
punika bebrayanipun sami guyub rukun hadeging sesrawungan. Sami gumregut
sangsaya sengkut ing alaming pembangunan. Dasar buminipun waradin, ilen-ilening
toya jawah tinata naluhi ing kebon, miwah kebonan, temahan tanem tuwuh tan ana
kang nggegregi subur makmmur. Ingkang mekaten mertandhani bilih mboten
kekirangan sandang kalawan tedhi. Saben gapuraning warga pinaringan dedamar,
mila menawi wanci panglong kados fajar surya, menawi wulan purnama sangsaya
hanelahi, padang jingglang kaya rahina.
Lampahing temanten
sampun dumugi madyaning wisma pawiwahan, pinanganten kakung ngagem beskap atela
kembang-kembang pinaradha sesekaran kadya mutiara. Mekaten ugi temanten putri,
ageman kembar warni kalian ingkang raka. Ketingal gebyar-gebyar bebasan kaya
kasinungan inten ingkang bisa lumaksana. Pramila ing samarga-marga wontenipun
namung gambira salebeting wardaya, tansah hanglembana dhumateng kamirahanipun
Kang Maha Kawasa.
Humiring lampah putri
domas ingkang samya mangayubaya sekaring pawiwahan, mugi nggenya mbangun
bebrayan kadumugining sedya. Mugi-mugi ing tembe saged hanulari bagya mulya
cepak ing jatu krama, kados temanten menika. Ingkang mungging wuntat minangka
pethiting kirab hanenggih panjenenganipun Bapa lan Ibu..................,
ingkang mengku karya. Sanadyan gembira nanging tansah sinamun ing samudana,
pramila tindakira susilo hanuraga sarwi suka pakurmatan dhumateng sedaya para
tamu ingkang sami amastuti.
Lulus raharja kalis
pringgabayaning marga, samangke temanten sekaliyan sampun kalenggahaken ing
sasana pinajang, lenggah hamarikelu, hanyrantu laksitaning adicara sarwi
hanelengaken karna anganglungaken jangga nampi paringipun wasita saking para
wredha.
PAMBIWARA BADHE
NYASMITANI KI SUBAMANGGALA SUPADOS WANGSUL MANJING PEPENGKERAN
Wus prapta hungyaning
kang tinuju, lampahe Ki Subamanggala dadya panutaning lampah, samangke
pinanganten sekaliyan wus kalenggahaken malih wonten ing sasana rinengga
telenging sasana pahargyan. Sawusnya asung pudyastuti / pakurmatan dhumateng
pinanganten, Ki Subamanggala sigra mentar saking sasana rinengga, lamun
cinandra dhampyak-dhampyak ginarubyuk bedaya srimpi dalah senopati kekalih,
lamun cinandra kadya narendra mandura hanggelak kyai puspodento. (Mungel
Puspodento).
Comments
Post a Comment