Skip to main content

Serah Terima Pada Acara Malam Midodareni


NASKAH PEMBAWA ACARA MENJELANG UPACARA SESERAHAN (ATURIPUN PAMBIWARA BADHE TUMAPAK ACARA SERAHAN)

Sebelum pelaksanaan acara seserahan, biasanya pimpinan rombongan telah bersiap di lokasi dekat tempat acara. Pembawa acara mempersilahkan kepada pimpinan rombongan untuk segera masuk ke tempat acara.

Agar memudahkan tugas seorang pembawa acara, sebaiknya tuan rumah / panitia sudah menyiapkan lebih dulu seorang petugas yang membantu menyiapkan segala persiapan dilapangan sesuai dengan instruksi pembawa acara, dengan melihat situasi dan kondisi acara. Masuknya pimpinan rombongan calon mempelai pria, diiringi gending Ldr. Wilujeng Pl. Br. Kasumanggak’aken.

Contoh Naskah Pembawa Acara Menjelang Upacara Seserahan :
Para tamu, pambiwara sampun nampi sasmita bilih ing wekdal menika tetuangganing rombongan calon besan sampun rawuh caket sasana pahargyan, ingkang menika dhumateng tetuangganing rombongan mugi keparenga tumunten manjing sasana pahargyanpinarak lenggah ing palenggahan piniji.

Rawuhipun rombongan sinubagya ungeling Ldr. Wilujeng Pl. Br. Kasumanggak’aken.


 
NASKAH PEMBAWA ACARA SUPAYA DAN WAKIL TUAN RUMAH MENEMPATKAN DIRI DI TEMPAT SERAH TERIMA (ATURIPUN PAMBIWARA SUPADOS PARA PARAGA PASRAH PANAMPI SARTA INGKANG MENGKU GATI PINARAK ING PAPAN PINIJI)

Sesampainya pimpinan rombongan calon mempelai pria, pembawa acara segera mempersilahkan wakil tuan rumah ke tempat yang sama yaitu tempat serah terima.
 
Contoh Naskah Pembawa Acara Supaya Wakil Tuan Rumah Menempatkan Diri Di Tempat Serah Terima :
Para tamu,
Inggih awit tetuangganing rombongan calon besan sampun pinarak lenggah ing palenggahan, pramila tumunten badhe katindhak’aken acara serahan.
Katur dhumateng tetuangganing rombongan dalah pengapitipun, kasuwun pinarak jumeneng ing papan piniji.

Mekaten ugi katur dhumateng Bapa ......... ingkang piniji mangka sulih sarira  saking ingkang mengku gati kasuwun ugi pinarak jumeneng ing papan piniji kaapit Bapa ..... sekaliyan ( Asmanipun ingkang mengku gati) saperlu nampi serahan. Kasumanggak’aken.




NASKAH PEMBAWA ACARA MENYERAHKAN WAKTU KEPADA PIMPINAN ROMBONGAN CALON BESAN (PAMBIWARA NYAOSAKEN WEKDAL DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN SERAHAN)

Pembawa acara meyerahkan waktu kepada pimpinan rombongan.

Contoh Naskah Pembawa Acara Menyerahkan waktu Kepada Pimpinan Rombongan Calon Besan :
Para tamu ingkang winantu hing pakurmatan,
Acara badhe binuka pangandhika pasrah saking tetuangganing rombongan calon besan, nuwun inggih panjenenganipun Bapa ........., ingkang menika sasana miwah pandayawara kasumanggak’aken.




CONTOH KATA-KATA SESERAHAN  (CONTO PASRAH SERAHAN CALON TEMANTEN KAKUNG ( LAMARAN )

Contoh Naskah Seserahan :
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh
Para sepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi.
Para wredha tama, para santana warga saking panjenengan Bapa ............ (ingkang mengku gati) ..... ingkang pantes kinurmatan. Para kadang wredha-muda ingkang bagya mulya mligi katur dhumateng Bapa .......(asmanipun ingkang nampi pasrah)... ingkang wekdal menika hangemban wajib luhur minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ............... sekaliyan.

Amit pasang paliman tabik, tinebihna ing ila duni sarta tulak sarik, dumawaho ing tawang towang, mugi winurungna ing deduka, linepatna siku dhendhaning Gusti Ingkang maha Kawasa, kawula nuwun.

Mugi kalilanana kulo matur kanthi ngadheg wonten ngarsa panjenengan sedaya labet anggen kulo sumanggem jinejer minangka sulih sarira inggih minangka duta sarayanipun Bapa .............. sekaliyan garwa ingkang pidalem ing .................

Tinarbuka langkung rumiyin kula ngaturaken puji syukur konjuk hing ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung hawit barokah saha rohmat ingkang rumentah dhmateng panjenengan lan kula saged pinanggih wonten salebeting swasana kawilujengan tuwin kabagyan, manggih suka nir ing sambikala.

Sinawung raos suka ing ngajeng keparenga kula hangaturaken wosing gati gatining karya pisowan kula.
Sepisan, hanatepi pasarujuk’an ing antawisipun Bapa ........... sekaliyan garwa ingkang hanggadahi putra jalu tanaya asesilih bagus .......... dene Bapa .......... sekaliyan garwa kagungan putra putri ingkang kenya taruni asma nimas Rara ......................., sampun gumolong giliging rembag nedya hamemangun bebesanan ngempalaken balung apisah amirapet dading renggang, alelantaran njodhohaken Bagus ............. kaliyan Nimas Rara ................

Sarehning wekdal menika handungkap dinten winaton tumapaking gati ingkang sampun sami dipun sarujuk’i, pramila kula nyowanaken sarta hangaturaken calon temanten kakung Bagus .............. mugi kaningkahna kaliyan Nimas Rara ............... putra putrinipun Bapa ................... sekaliyan garwa.

Wondene minangka jejangkep sarta mamrih suka anggenipun ngraketaken pasedherek’an hamemangun bebesanan kula ugi kinen hangaturaken rerangken sarta abon-abon ing adat tata cara, miwah upakarti, antawisipun :
1)   Urun srakah miwah asok tukon.
2)   Kudangan, wujudipun ..................
3)   Majemuk, wujud ubarampe kangge ngawontenaken wilujengan majemukan ngleluri ila-ila tilaranipun para sepuh duk ing nguni.
4)   Pamesing, wujudipun nyamping kagem eyangipun putri calon pinanganten.
5)   Plangkah (menawi calon temanten putri ngrumiyini / nglangkahi raka / mbakyunipun anggenipun dados temanten).
6)   Tukon jangan (urun pambeya kagem ngawontenaken pahargyan / pawiwahan).
7)   Sanggan sak bopongan (wujudipun pisang satangkep kaliyan abon-abon, dipun wadahi bokor / panjang ilang, menika kagem Bapak Kadus).
8)   Uda Negara / tata cara desa (wujud arta sakpantesipun kagem dusun).
9)   Rajabrana lan raja kaputren (wujudipun perhiasan emas lan pirantos ngadisarira sarta pengageman kagem calon pinanganten putri, limrahipun dipun wadhahi nampan / baki, dipun damel kados dene banyak dhalang harda waliga, sawunggaling, kacumas ingkang mawa retna. Saben sak baki dipun bekta dening remaja putri).

Mugi-mugi tali asih tali dharma saking calon besan kasebat handadosaken suka miwah renaning penggalih.
Pitungkasing atur kula pangembaning wuwus saking Bapa ............. sekaliyan garwa, kula hanglenggana kathah kirang ing suba sita, hawit saking menika mugi panjenengan kersa paring pangaksama.
Nuwun,
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.




NASKAH PEMBAWA ACARA USAI SESERAHAN (ATURIPUN PAMBIWARA SAK SAMPUNIPUN ACARA PASRAH SERAHAN)

Setelah seserahan selesai, maka pembawa acara langsung menyerahkan waktu sepenuhnya kepada wakil tuan rumah untuk menerima pasrah / seserahan.

Contoh Naskah Pembawa Acara Usai Seserahan :
Para tamu, tatas temahan pratitis, kaduk ruruh hangarah prana, pangandika pasrah sampun dumugi pada, pramila atur panampining pasrah kaaturaken dhumateng Bapa .................., kasumanggak’aken.




CONTOH KATA-KATA PENERIMAAN SESERAHAN (CONTO PANAMPINING PASRAH SERAHAN CALON TEMANTEN KAKUNG)

Contoh Naskah Penerimaan Seserahan :

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh
Para sepuh sarta para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, mliginipun katur Bapa ............. ingkang satuhu luhuring budi.

Kula ingkang piniji minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa .............. sekaliyan garwa saperlu hanampi pangandika pasrah saking panjenenganipun Bapa ................ ingkang jinejer duta sarayanipun Bapa ................ sekaliyan ingkang pidalem ing ...................

Sepisan kula ngaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan sak rombongan. Sinartan atur panuwun ingkang tanpa umpami dene panjenengan sampun suka hanetepi pepuntoning pirembagan antawisipun Bapa ................ sekaliyan garwa kaliyan Bapa ................ anggenipun badhe hamemangun bebesanan sarana njodohaken anak mas ................... kaliyan nimas rara ...................

Wondene paringipun tangsuling katresnan arupi upakarti sarta bebingah dhumateng calon pinanganten putri katampi suka rena ing penggalih tumrapipun ingkang mengku gati sakula wangsa paringipun kala wau badhe kula aturaken Bapa .................. sekaliyan garwa.

Wondene calon temanten kakung hanenggih anak mas ..................., badhe kaningkahaken kaliyan nimas rara ................. mbenjing enjing dinten .............. wanci tabuh ................. mapan wonten ing ................

Salajengipun badhe kadhaupaken miturut adat widana ingkang limrah lumampah ing ngriki, sarta badhe kawiwaha anut kuwaosipun ingkang mengku gati.

Mekaten menggah atur panampi kula, slajengipun mugi panjenengan sarombongan kersa paring pangapunten menggah kiranging subasita hatur panampi kula.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.



NASKAH PEMBAWA ACARA USAI ACARA SERAH TERIMA (ATURIPUN PAMBIWARA SAK SAMPUNIPUN PASRAH TINAMPI)
Apabila kedua belah pihak telah selesai melaksanakan upacara serah terima, pembawa acara mempersilahkan pimpinan rombongan calon mempelai pria untuk kembali duduk.

Sedangkan, orang tua calon mempelai wanita langsung menuju ke tempat rias. Di tempat itu, orang tua menanyakan kembali soal kemantapan calon mempelai wanita untuk melangsungkan pernikahanya, melalui acara tantingan.

Contoh Naskah Pembawa Acara Usai Acara Serah Terima :
Para tamu ingkang satuhu luhuring budi,
Acara pasrah panampi serahan calon temanten kakung sampun paripurna salajengipun ing wekdal menika Bapa ................ sekaliyan garwa badhe nanting mundhut mantebing kesagahan dhumateng calon temanten putri ingkang badhe jinatu krama badhe Bagus ............................. putra kakungipun Bapa .................. sekaliyan garwa.

Katur dhumateng Bapa ......................... sekaliyan garwa, suwawi keparenga tumunten manjing sasana busana / kamar busana temanten saperlu hanindhak’aken acara tantingan.

Comments

Popular posts from this blog

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·          Tigang wulan winastan TRI LOKAMAYA , inggih alam gondar gandir, menawi mboten ngatos-atos saged runtuh, nanging kan

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka