Skip to main content

Penutup


NASKAH PENUTUP OLEH PEMBAWA ACARA (PAMBIWARA NGATURAKEN PANUTUPING ACARA SIRAMAN SADHE DHAWET)


Dalam penutup biasanya pembawa acara mengulas sedikit tentang acara siraman tersebut sekaligus harapan baik dengan diadakanya acara tersebut. Pembawa acara juga mengucapkan syukur atas kelancaran acara tersebut.

Contoh Naskah Pembawa Acara Untuk Penutup Acara Siraman :
Para sepuh pinisepuh kakung putri sarta para tamu ingkang tansah sinuba ing pakurmatan.
Mekaten menggah lampah-lampahing acara siraman calon temanten putri, kalajengaken acara sadhe dhawet dening ingkang mengku gati. Panutuping atur sinartan ngaturaken suka syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung pambiwara ngaturaken sugeng siang kanthi asesanti hayu rahayu, mugi kalis rubeda nir sambikala.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.

Comments

Popular posts from this blog

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka...

CONTOH MATERI UNTUK PEMBAWA ACARA SAAT KIRAB KANARENDRAN

PAMBIWARA NYARIOSAKEN BILIH SUBAMANGGALA SAMPUN SIYAGA WONTEN SANGAJENGIPUN TEMANTEN, NUNTEN BADHE NYASMITANI JENGKARING TEMANTEN SAKING PALENGGAHAN Datan kawursita mangkana Ki Subamanggala samangke sampun prapta wonten sak ngajengipun pinanganten, nunten paring sasmita supados temanten sekaliyan siyaga manjing sasana busana, marma, lamun cinandra jengkaring pinanganten saking sasana pinajang lir pendah, narendra kondur hangedhaton. (Lajeng mungel buka celuk Sri Narendra dawah Ketawang Langen Gito). CONTOH CANDRA KIRAB KANARENDRAN Hanenggih punika ta warnanira pinanganten sarimbit, ingkang sampun jengkar saking palenggahan dampar rinengga, harsa tindak mring sasana busana, inggih panti busana, Sasana punika papan busana sampun mastani, yekti ing mangke temanten sarimbit badhe gantos ageman, rucat kawaca kanarendran silih busana kasatriyan. Jengkaring pinanganten sarimbit ginarubyuk sagung para kadang kadeyan miwah putri dhomas. Kawistara ngalela hanggung papilethan, k...

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma...