Skip to main content

Pembukaan Acara Ijab Qobul



ACARA IJAB QOBUL NIKAH

Ijab kabul adalah pernihakan sah sesuai agama pasangan pengantin. Dalam ijab qobul, keluarga pengantin wanita menikahkan mempelai wanita dengan mempelai pria. Pihak pengantin pria menerima pengantin wanita dengan menyerahkan mas kawin untuk pengantin wanita.

Ijab qobul disaksikan oleh saksi dan pejabat pemerintah atau petugas catatan sipil yang akan mencatat sekaligus memproses legalitas pernikahan kedua memepelai tersebut.


PEMBUKAAN OLEH PEMBAWA ACARA (ATUR BEBUKA DENING PAMBIWARA)

(LOKASI DI RUMAH)
(Dipun tindak’aken ing dalemipun ingkang mengku gati)


Sebelum acara dibuka, usahakan semua persiapan sudah selesai, termasuk mas kawin. Pastikan saksi dan petugas  dari pemerintah juga sudah hadir. Namun, demi kelancaran acara, khusus calon pengantin biasanya sudah mendapatkan arahan sebelum melaksanakan ijab qobul.

 

Contoh Naskah Pembawa Acara Saat Pembukaan Acara Ijab Qobul :
Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
Kasugengan, kawilujengan sarta kabagyan saking Gusti Allah Ingkang Maha Welas asih mugi tansah hamberkahi sarta hangayomi dhumateng panjenengan lan kula sadaya.

Nuwun,
Para sepuh pinisepuh sarta aji sepuh ingkang pantes kinabekten;
Para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing pakurmatan.
Mugi keparenga kula pambiwara inggih panatacara ingkang piniji dening ingkang hamengu gati, panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa.

Hamurwani atur pambukaning adicara ijab qobul nikah kanthi hangaturaken urut reroncening adicara ingkang badhe katindhak’aken.
Namung kewala sak derengipun kula ngaturaken urut lampahing adicara langkung rumiyin mugi keparenga kula dherek’aken mangastungkara ngaturaken sembah puji konjuk hing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Suci, mamrih suka lancar lampahing adicara sepen ing rubeda.

Para tamu,
Menggah urutan lampahing adicara ing wekdal kalenggahan punika badhe kawiwitan caos pakurmatan dhumateng rawuhipun tetuangganing rombongan calon pinanganten kakung, nunten kalajengaken acara pasrah panampi calon temanten kakung.

Paripurna acara pasrah panampining calon temanten kakung, kalajengaken acara ijab qobul nikah.
Salajengipun pamasanging kalpika tresna inggih kalpika rukmi tumrap temanten sekaliyan.

Paripurna pamasanging kalpika tresna, temanten sekaliyan kalenggahaken ing sasana palenggahan piniji.
Salajengipun atur pambagya wilujeng rawuhipun para tamu badhe kaaturaken dening ingkang mengku gati lumantar wredha piniji.

Para tamu ingkang satuhu luhuring budi,
Minangka pratanda paripurnaning adicara ijab qobul nikah, mangke menawi temanten sekaliyan sampun kajengkaraken saking palenggahan tumuju sasana palereman, utawi tilam sari ingkang mligi kasamaptak’aken tumrap temanten.

Mekaten menggah urut reroncening adicara ijab qobul nikah, salajengipun para tamu mugi kepareng pinarak lenggah kanthi suka mardhika sinambi hanyrantos tumapaking adicara.
Nuwun.

Comments

Popular posts from this blog

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·          Tigang wulan winastan TRI LOKAMAYA , inggih alam gondar gandir, menawi mboten ngatos-atos saged runtuh, nanging kan

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka