Skip to main content

Jelang Ucapan Selamat Datang dan Sesudahnya


NASKAH PEMBAWA ACARA MEMASUKI ACARA PENYAMPAIAN UCAPAN SELAMAT DATANG  (ATURIPUN PAMBIWARA BADHE TUMAPAK PAMBAGYA WILUJENG)

Contoh Naskah Pembawa Acara Memasuki Acara Penyampaian Ucapan Selamat Datang :

Para tamu sarta para lenggah ingkang winantu hing pakurmatan.
Nun inggih karana bombong, bebeg, ingkang mengku gati sukeng tyas hamarwata suta, wonten ing malem midodareni menika bebasan datan kuwagang nyabawa caos atur pambagya harja rawuhipun para tamu, pramila hamiji dhumateng panjenenganipun Bapa ....................... mugi keparenga jengkar saking palenggahan tumuju papan piniji, sarta badhe kaapit Bapa ................... sekaliyan garwa, saperlu ngaturaken pambagya wilujeng katur para tamu.
Katur Bapa ............... rahayuning prasedya kasumanggak’aken.




NASKAH PEMBAWA ACARA USAI UCAPAN SELAMAT DATANG (ATURIPUN PAMBIWARA SAK SAMPUNIPUN PAMBAGYA WILUJENG)

Usai ucapan selamat datang, acara dilanjutkan dengan panebusing kembar mayang sakembaran. Jumlah pemeran dalam acara ini menyesuaikan kebutuhan. Namun biasanya dibutuhkan pemeran inti sejumlah 5 orang.

Contoh Naskah Pembawa Acara Usai Ucapan Selamat Datang :
Para tamu, mekaten atur pambagyanipun ingkang mengku gati, sampun kasarira Bapa ................... salajengipun mugi para sepuh dalah para tamu kepareng pinarak lenggah tirakatan sinambi mriksani gumelaring acara panebusing kembar mayang ngantos paripurna. Wondene paraga nebus kembar mayang sakembaran, keparenga kulo aturaken ing ngriki.

Ki lan nyai Sarayajati, badhe kasarira dening Bapa ............... sekaliyan garwa. Ki lan Nyai Wasitajati, badhe kasarira Bapa ................... sekaliyan garwa. Ki Sadat badhe pinaragan dening Sdr. ...................... Sugeng hamirsani.

Comments