Skip to main content

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH


POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH

Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan.
Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen.
Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA, lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA.
Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini.
·         Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU
·         Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL
·         Tigang wulan winastan TRI LOKAMAYA, inggih alam gondar gandir, menawi mboten ngatos-atos saged runtuh, nanging kanthi kebak ing pangatos-atos saha tansah pasrah sumarah karsaning Allah, wiji dadi.
·         Sekawan wulan hanggarbini winastan AMBOJATI, manunggaling anasir patang perkara, banyu, geni, angin, anggana bahu, wiwit wonten wujuding gana, kluged-kluged ing guwa garba geter ing jaja cowong guwayane mendhelong jajane, munjuk padharane.
·         Gangsal wulan winastan PONCO RAHSA JATI.
·         Enem wulan winastan SAT KALOKA JATI.
·         Pitung wulan winastan SAPTA KAWASA JATI, waluya jati, gono wus ginadhuhan panca driya, saged ngeningaken panca driya, nutupi babahan hawa sanga, kala mangsanipun jabang bayi lahir saking kandhutan pitung wulan wus sampurna panca driyane.
·         Wolung wulan winastan HASTA SABDA JATI.
·         Sangang wulan winastan NAWA PURNA JATI, wonten raos geter sumlemet marambah-rambah, brooool jabang bayi lahir cengeeeer. Jabang bayi mesat saking guwa garba mijil ing alam donya sumerep padhang hawa, supewelinge SABDA JATI, nanging lajeng pasrah sumarah. Mesating jabang bayi medal margaina dipun kantheni kadang catur, kakang kawah, adhi ari-ari, rahmuka arimuka.

Sareng jabang bayi wus mijil ing alam donya den paringi tetenger dening Bapa................. nami Rara................. (naminipun temanten putri). Titi mangsa sampun akhir dewasa nambut silaning akrami kaliyan Bagus.................... (naminipun temanten kakung), putranipun Bapa.................. Pramila lajeng dipun saranani bubak kawah mawi ubarampe abon-aboning sesaji. Isining kendhaga wonten kacang kawak, dhele kawak, wong liyo dadi sanak, inten berlian mas selaka minangka kangge pawitan anggenipun badhe bebrayan anak kulo temanten sekaliyan.
Mekaten tumindhaking acara bubak kawah, ngleluri budaya jawi, mugi-mugi Gusti Ingkang maha Agung inggih Gusti Ingkang maha Suci hangijabahi hajatipun Bapa................ sekaliyan garwa.
Menawi kirang jangkep tuwin wonten geseh klentunipun atur kulo nyuwun agunging pangapunten, nuwun.



ATURIPUN PAMBIWARA MENAWI UPACARA KROBONGAN SARTA BUBAK KAWAH SAMPUN RAMPUNG

Para tamu, upacara krobongan lan bubak kawah sampun paripurna badhe kalajengaken upacara sungkeman, inggih menika temanten sekaliyan badhe caos bekti dhumateng romo ibu kekalihipun. Sahrening wekdal punika besanipun ingkang hamengku gati dereng pinarak ing palenggahan papaning sungkeman, pramila katur dumateng Bapa................... sekaliyan garwa, kasuwun mapag besan sekaliyan ing wekdal menika sampun makuwon sakcelaking sasana pahargyan. Wondene Bapa................... sekaliyan garwa kulo suwun ngaturi ingkang mengku gati sekaliyan supados hangrangu ing wiwaraning sasana pahargyan. Mugi rahayuning lampah kaleksananing sedya kula sumanggakaken.
Sinubagya gending Tirtokencana. Sumangga.

Comments

Popular posts from this blog

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka