Skip to main content

Sungkem


NASKAH PEMBAWA ACARA MENJELANG SUNGKEM (PAMBIWARA NGATURI MIJILIPUN (CALON) TEMANTEN PUTRI SAKING SASANA BUSANA SAPERLU SUNGKEM RAMA-IBU)



Setelah pembukaan, acara selanjutnya yaitu sungkem. Dalam hal ini, pembawa acara menyampaikan bahwa setelah calon pengantin mengenakan pakaian siraman maka acara berikutnya adalah acara sungkeman. Sungkeman bertujuan untuk meminta restu dari orang tua agar mendapatkan kebaikan dari prosesi siraman.

Contoh Naskah Pembawa Acara Pada Acara Sungkem :
Para sepuh pinisepuh kakung putri sarta para tamu ing winantu hing pakurmatan.

Pambiwara sampun pikantuk sasmita, bilih wekdal menika (calon) temanten putri sampun hangrasuk busana siraman. Estining manah badhe sungkem pangabekti dhumateng rama ibu, sarta nyuwun pangestu, anggenipun siram jamas sageda dados sarana ruwat saking sukerta.

Pramila katur dhumateng penjenenganipun Ibu....(pangapit).... sarta Ibu....(pangapit).... mugi keparenga hanganthi (calon) pinanganten putri mijil saking sasana busana tumuju lenggahipun rama ibu, nuwun inggih panjenenganipun Bp. ....(orangtua)...... sekaliyan garwa.

Mijilipun calon pinanganten putri kalajengaken caos pangabekti badhe kapratitisaken Ibu .....(rias)........, hingurmatan ungeling Ketawang Puspawarna Pl.Br. Katur dhumateng para ibu ingkang piniji hing karya rahayuning prasedya kasumanggak’aken.

Comments

Popular posts from this blog

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·          Tigang wulan winastan TRI LOKAMAYA , inggih alam gondar gandir, menawi mboten ngatos-atos saged runtuh, nanging kan

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka