Skip to main content

Jelang Do'a


NASKAH PEMBAWA ACARA MENJELANG DO’A / Wilujengan (PAMBIWARA NYAOSI PRIKSA BADHE TUMAPAK ACARA WILUJENGAN TUMPENG ROBYONG PRATANDHA SUKA SYUKUR SINARTAN DONGA MURIH WILUJENG KALIS ING RUBEDA)

Contoh Naskah Pembawa Acara Sebelum Do’a :
Para tamu, hamungkasi acara siraman inggih sesucining badan pambucaling sukerta, badhe katindhak’aken acara wilujengan, ingkang mengku werdhi nyuwun wilujeng saking sak kathahing rubeda, memala miwah godha rencana, mugi tansah pinaringan barokah saking Gusti Ingkang Akarya Jagad, pramila mugi wonten keparengipun Bp. ............. mratitisaken pamaosing donga, kasumanggak’aken.

Comments

Popular posts from this blog

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka...

CONTOH MATERI UNTUK PEMBAWA ACARA SAAT KIRAB KANARENDRAN

PAMBIWARA NYARIOSAKEN BILIH SUBAMANGGALA SAMPUN SIYAGA WONTEN SANGAJENGIPUN TEMANTEN, NUNTEN BADHE NYASMITANI JENGKARING TEMANTEN SAKING PALENGGAHAN Datan kawursita mangkana Ki Subamanggala samangke sampun prapta wonten sak ngajengipun pinanganten, nunten paring sasmita supados temanten sekaliyan siyaga manjing sasana busana, marma, lamun cinandra jengkaring pinanganten saking sasana pinajang lir pendah, narendra kondur hangedhaton. (Lajeng mungel buka celuk Sri Narendra dawah Ketawang Langen Gito). CONTOH CANDRA KIRAB KANARENDRAN Hanenggih punika ta warnanira pinanganten sarimbit, ingkang sampun jengkar saking palenggahan dampar rinengga, harsa tindak mring sasana busana, inggih panti busana, Sasana punika papan busana sampun mastani, yekti ing mangke temanten sarimbit badhe gantos ageman, rucat kawaca kanarendran silih busana kasatriyan. Jengkaring pinanganten sarimbit ginarubyuk sagung para kadang kadeyan miwah putri dhomas. Kawistara ngalela hanggung papilethan, k...

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·        ...