Skip to main content

Jelang Ijab Qobul Hingga Pemasangan Cincin


NASKAH PEMBAWA ACARA MENJELANG IJAB QOBUL (ATURIPUN PAMBIWARA BADHE TUMAPAK IJAB QOBUL NIKAH)

Sebaiknya keluarga telah lebih dulu menunjuk beberapa orang untuk membantu menata posisi tempat duduk calon pengantin, sekaligus mempersilahkan petugas dan saksi ijab qobul. Pada waktu tersebut biasanya calon mempelai wanita akan memasuki tempat ijab qobul dengan didampingi beberapa kerabat.

 

Contoh Naskah Pembawa Acara Menjelang Ijab Qobul :

Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan,
Mekaten pasrah panampining calon temanten kakung sampun paripurna badhe kalajengaken ijab qobul paningkahing temanten, awit saking menika katur dhumateng Bapa ................ lan Bapa ...................., kasuwun nglenggahaken calon temanten kakung ing papan ijab, dipun kantheni saksi ijab saking pihak kakung.

Ugi katur dhumateng Ibu ....................... lan Ibu ...................... mugi keparenga hanganthi calon temanten putri, kalenggahaken ing papan ijab, salajengipun wali inggih panjeneganipun Bapa ............ kasuwun pinarak ing papan ijab, ugi saksi ijab saking pihak calon temanten putri kasuwun pinarak lenggah ing papan ijab. Katur dhumateng pejabat saking Kantor Urusan Agama Kecamatan .......................... kasuwun pinarak lenggah ing papan ijab.

Para tamu,
Ingkang mengku gati lumantar pambiwara nyuwun donga puji lan pangestu mugi acara ijab qobul paningkahing temanten punika kalampahan kanthi wilujeng nir hing sambikala. Wijiling calon temanten putri sinubagya ungeling Ktw. Sekarteja. Katur dhumateng para ingkang piniji ing karya kasumanggak’aken rahayuning prasedya.



NASKAH PEMBAWA ACARA KETIKA MEMBERIKAN WAKTU KEPADA QORI / QORIAH (PAMBIWARA NYAOSAKEN WEKDAL DHUMATENG INGKANG PINIJI MAOS AL-QUR’AN)

Menjelang pelaksanaan ijab qobul, biasanya diawali dengan pembacaan ayat suci Al Qur’an. Dalam hal ini, ada baiknya Qori / Qoriah (pembaca) sudah mempersiapkan diri.

Contoh Naskah Pembawa Acara Menjelang Pembacaan Ayat Suci Al Qur’an :

Para tamu,
Handungkap tumapaking gati ijab qobul paningkahing temanten, panjenenganipun Bapa .................. sekaliyan garwa (ingkang mengku gati) hanglenggana bilih manungsa hamung wenang hambudidaya, dene purba wasesa wonteng ing kamirahanipun Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking punika wekdal punika badhe katindhak’aken pamaosing ayat suci Al-Qur’an dening Bp./Sdr. .................minangka sarana panyuwunan dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung.

Kasuwun mugi para tamu paring panjurung puji miturut kapitadosanipun sowang-sowang, katur dhumateng Bp./Sdr. .......................... kasumanggak’aken.


NASKAH PEMBAWA ACARA MEMASUKI PROSESI IJAB QOBUL NIKAH (PAMBIWARA NYAOSAKEN WEKDAL TUMAPAKING IJAB QOBUL NIKAH)

Usai pembacaan Ayat Suci Al Qur’an, maka masuk acara Ijab Qobul. Setelah saksi dan petugas dari pemerintah menempatkan diri, maka pembawa acara menyerahkan waktu sepenuhnya kepada petugas. Untuk memulai acara, ada baiknya pembawa acara memintakan restu kepada hadirin agar acara bisa berjalan lancar.


Contoh Naskah Pembawa Acara Menjelang Ijab Qobul Nikah :

Para tamu,
Mekaten pamaosing ayat suci Al-Qur’an kangge sarana panyuwunan Dhumateng Gusti Ingkang Maha Wikan, sampung katindak’aken dening Bp./Sdr. ...................., ingkang mengku gati ngaturaken agunging panuwun awit sedaya panjurung puji donga saking para tamu mugi-mugi Gusti Allah ngijabahi panyuwunipun ingkang mengku gati.

Salajengipun tumapak adicara ijab qobul nikah, wekdal sakcekapipun kula aturaken dhumateng bapak pejabat saking Kantor Urusan Agama (KUA) Kecamatan ..................., kasumanggak’aken.


MATERI PEMBAWA ACARA USAI IJAB QOBUL NIKAH DAN DILANJUTKAN PEMASANGAN CINCIN (ACARA IJAB QOBUL NIKAH PARIPURNA KALAJENGAKEN PAMASANGING KALPIKA TRESNA TUMRAP TEMANTEN SEKALIYAN)

Pemberian sekaligus pemasangan cincin dari orang tua kepada mempelai usai Ijab Qobul merupakan bukti kasih sayang dan rasa syukur karena telah terlaksananya acara Ijab Qobul tersebut.

Contoh Naskah Pembawa Acara Pemasangan Cincin :

Para tamu,
Ijab qobul nikah sampun kalampahan kanthi wilujeng lancar sepen ing rubeda. Mamrih suka sarta nambahi raos sih sinisihan menggahing temanten sekaliyan, rama ibunipun temanten bade suka pratanda sarana pamasanging kalpika tresna tumrap temanten sekaliyan. Pamasanging kalpika tresna bade kapratitisaken Ibu .................. kasumanggak’aken.




NASKAH PEMBAWA ACARA MEMPERSILAHKAN PENGANTIN MENUJU KURSI PELAMINAN (TEMANTEN BADE KALENGGAHAKEN ING PAPAN PINIJI)


Setelah pemasangan cincin selesai, maka tugas pembawa acara adalah mempersilahkan mempelai untuk menempati kursi pelaminan. Saat menuju kursi pelaminan, seyogyanya mempelai didampingi dua orang (ibu-ibu). Sebagai iringan, gunakan Gending Ldr. Sri Widada Pl. Br.

Contoh Naskah Pembawa Mempersilahkan Mempelai Menuju Kursi pelaminan :

Para tamu,
Paripurna pamasanging kalpika tresna inggih kalpika rukmi, temanten sekaliyan badhe kalenggahaken ing sasana rinengga, katur dhumateng Ibu .............. lan Ibu ................. rahayuning sedya kasumanggak’aken. Kabiwaldha ungeling Ldr. Sri Widada Pl. Br.

Comments

Popular posts from this blog

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·          Tigang wulan winastan TRI LOKAMAYA , inggih alam gondar gandir, menawi mboten ngatos-atos saged runtuh, nanging kan

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka