Skip to main content

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)



ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG

Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun.

CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH

Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan.
Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing ....................
Sakderengipun kula matur menggah wosing gati gatining karya mugi keparenga langkung rumiyin kula hangaturaken sembah puji konjuk hing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Suci amargi sowan kula pinaringan wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.
Salajengipun kula hangaturaken taklimipun Bapa ................ sekaliyan garwa mugi kaaturna hing ngarsanipun Bapa ......................(ingkang mengku gati) sakulawangsa.
Dene wigatosing perlu kula kinen hangaturaken sekar cepaka mulya sasele nun inggih pinanganten kakung, anak mas ...................... putra kakungipun Bapa ................... sekaliyan garwa, mugi keparenga kadhaupaken kaliyan nimas rara ....................., kenya siwi saking panjenenganipun Bapa ...................... sekaliyan garwa, miturut adat widi widana ingkang lumampah ing mriki, kangge hanetepi pangandikan ingkang sampun sarujuk sarembag antawisipun Bapa ................ sekaliyan garwa kaliyan Bapa ....................... sekaliyan garwa, anggenipun badhe sami hamemangun bebesanan.
Kajawi saking menika, minangka tangsuling katresnan kula ugi kinen hangaturaken sawetawis wontenipun raja brana, raja kaputren kagem pinanganten putri, sarta sawetawis sarat sarana ingkang sinngit ing salebeting sasana redana minangka pasumbang anggenipun ngawontenaken pahargyan pawiwahan.
Kula sak panggrubyuking pinanganten kakung jumurung hing karsa sinartan puji donga mugi-mugi Gusti Allah Ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohanipun pinanganten kekalih.
Mekaten pepet pepuntoning atur, jenang selo wader kalen sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk Gajah Mungkur Wonogiri, menawi wonten kaladuk ing atur nyuwun pangaksami.
Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.


ATURIPUN PAMBIWARA SAK SAMPUNIPUN ATUR PASRAH SAKING TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG


Para tamu ingkang satuhu luhuring budi, sampun dumugi pada pangandika pasrah saking tetuangganing rombongan temanten kakung ingkang kasarira panjenenganipun Bapa ....................., ingkang salajengipun pangandika pasrah badhe katampi panjenenganipun Bapa ................ minangka sulihipun ingkang mengku gati, sasana miwah pandayawara kasumangga’aken.





CONTO PANAMPI PASARAH TEMANTEN BADHE KAPANGGIHAKEN

(BADHE UPACARA PANGGIH)
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapa / Adimas .................., ingkang wekdal menika hangemban jejibahan luhur minangka duta sarayaning Bapa ................. sekaliyan garwa ingkang pidalem ing ................., ingkang satuhu mahambeg budi dharma.
Kula ingkang piniji minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa ................. sakukuban, langkung rumiyin kula hangaturaken pambagya wilujeng sugeng rawuh panjenengan sak panggrubyuking temanten kakung.
Kanthi hangaturaken suka syukur konjuk ing ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, kula tampi salam taklimipun Bapa ................. sekaliyan garwa, wangsuling panakrami taklimipun Bapa ................. sekaliyan ugi kaaturna dhumateng Bapa ....................... sekaliyan garwa.
Sumusul atur panampi kula kanthi suka bingahing manah panjenengan masrahaken pinanganten kakung anak mas .................... putra kakungipun Bapa ............... sekaliyan garwa, mangke tumunten badhe kadhaupaken inggih kapanggihaken kaliyan Nimas Rara .................... putra putrinipun Bapa ...................... sekaliyan garwa, miturut adat widi widana ingkang sampun limrah lumampah ing ngriki. Kula suwun panjenengan sak panggrubyuking temanten kakung, kersaha paring puji pangestu mugi kaleksananing sedya binerkahan Gusti Ingkang Maha Nasa, kinalisaken saking sakathahing rubeda nir hing sambikala.
Wondene paringipun tangsuling katresnan ingkang arupi raja brana raja kaputren sekaliyan garwa. Kula ingkang piniji sulih sarira ngaturakenn agunging panuwun ingkang tanpa upami, mugi-mugi paringipun tangsuling katresnan kala wau handayani saya raketing pasedherekan anggenipun hamemangun bebesanan.
Hatur salajengipun panjenengan sarombongan kula suwun kersa pinarak hangestreni tuwin paring pangastuti, puji lan pangestu ngantos titi purnaning pahargyan pawiwahan.
Ing wasana hambok bilih anggen kula nampi rawuh panjenengan wonten samukawis ingkang mboten saged handadosaken suka renaning penggalih, sarta kiranging suba sita atur panampi kula, keparenga maringaken samudra pangaksama.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


ATURIPUN PAMBIWARA SAK SAMPUNIPUN UPACARA PASRAH TINAMPI KALAJENGAKEN ATUR BADHE PANGGIHING TEMANTEN
Para tamu ingkang satuhu sadu budi, upacara pasrah tinampen sampun paripurna, karana sampun tuntas dumugining pada atur panampining pasrah ingkang kasarira Bapa ...................., ingkang salajengipun nunten badhe katindhakaken upacara panggih miturut adat widi widana ingkang sampun lumampah ing mriki. Ingkang kepareng hamanggihaken temanten panjenenganipun Ibu ......................., ingkang nyawisaken ubarampe Ibu ..................., ingkang kasuwun ngapit temanten putri Ibu ................. lan Ibu ..................... Wondene ingkang kasuwun ngapit temanten kakung Bapa ............... lan Bapa ................. Katur dhumateng para tamu kakung putri, saiba badhe suka gambiraning manah menggahipung ingkang hamengku gati, hambok bilih anggenipun paring pangestu wonten ing acara panggih, para tamu sedaya kepareng jumeneng, ingkang menika sumangga kula dherek’aken. Tumapaking upacara panggih kula sumanggakaken Ibu ................., hingurmatan swantening gangsa kodhok ngorek, mugi Gusti Ingkang maha Agung hangijabahi. (Mungel gangsa kodhok ngorek, pambiwara lajeng nyandra).

Comments

Popular posts from this blog

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·          Tigang wulan winastan TRI LOKAMAYA , inggih alam gondar gandir, menawi mboten ngatos-atos saged runtuh, nanging kan

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka