Skip to main content

Posts

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka
Recent posts

CONTOH MATERI UNTUK PEMBAWA ACARA SAAT KIRAB KANARENDRAN

PAMBIWARA NYARIOSAKEN BILIH SUBAMANGGALA SAMPUN SIYAGA WONTEN SANGAJENGIPUN TEMANTEN, NUNTEN BADHE NYASMITANI JENGKARING TEMANTEN SAKING PALENGGAHAN Datan kawursita mangkana Ki Subamanggala samangke sampun prapta wonten sak ngajengipun pinanganten, nunten paring sasmita supados temanten sekaliyan siyaga manjing sasana busana, marma, lamun cinandra jengkaring pinanganten saking sasana pinajang lir pendah, narendra kondur hangedhaton. (Lajeng mungel buka celuk Sri Narendra dawah Ketawang Langen Gito). CONTOH CANDRA KIRAB KANARENDRAN Hanenggih punika ta warnanira pinanganten sarimbit, ingkang sampun jengkar saking palenggahan dampar rinengga, harsa tindak mring sasana busana, inggih panti busana, Sasana punika papan busana sampun mastani, yekti ing mangke temanten sarimbit badhe gantos ageman, rucat kawaca kanarendran silih busana kasatriyan. Jengkaring pinanganten sarimbit ginarubyuk sagung para kadang kadeyan miwah putri dhomas. Kawistara ngalela hanggung papilethan, k

SUBAMANGGALA

PAMBIWARA NGATURI SUBAMANGGALA NGIRABAKEN TEMANTEN Para tamu, kados-kados ki Subomanggala sarta ingkang sami humiring lampahing kirab kanarendran sampun sami siyaga ing karya, awit saking menika nyuwun idi lan angestunipun para tamu, temanten badhe kalengser saking palenggahan manjing sasana busana, saperlu rucat kuwaca kanarendran silih busana kasatriyan. CONTOH CANDRA KAGEM SUBAMANGGALA LUMEBET BALE PAWIWAHAN *Rerepen : ASMARANDANA Gegarane wong akrami Dudu bandha dudu rupa Amung ati pawitane Kena pisan luput pisan Yen gampang luwih gampang Yen angel angel kelangkung Tan keno tinumbas arta Para tamu, lampahe Ki Subamanggala cinandra pyak ngarsa rapet ing wuri garoyah-garoyah lampahe (Mungel Ayak-ayakan Sl. My.) / Kinanthi padang Rembulan). *Panyandra : Mabukuh yayah prayetneng kewuh, ngregemeng kaya lintang bima sakti hanyuwak tutuking naga. Lah punika ta warnanira ingkang ndaweg hanawung kridha, ana satriya sujaga kang busana sarwa prasaja. D

UCAPAN SELAMAT DATANG DAN INTI ACARA DARI TUAN RUMAH ATAU YANG MEWAKILI (PAMBAGYAHARJA)

ATURIPUN PAMBIWARA BADHE TUMAPAK ADICARA ATUR PAMBAGYAHARJA Para sepuh pinisepuh, sarta para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, kados sampun sawetawis lenggahipun para tamu hangestreni miwah paring pangestu dumateng pinanganten, kuciwa dene ngantos wekdal menika ingkang mengku gati dereng kuwagang nyabawa caos atur pambagya, ingkang menika jalaran sinawung raos bpmbong, bebeg, mongkok, ngantos mbedhedheg. Sukaning driya hamarwata suta, gambiraning penggalih sak hardi anak’an, pindha karoban madu kajugrugan wukir sari, pramila kumedhaling raos atur panuwun hamung kandheg wonten madyaning jangga temahan tan kuwawa hangandika. Pramila wekdal menika hanyaraya kadang (wreda/muda) inggih menika panjenenganipun Bapa................, kinen hangaturaken atur pambagyanipun ingkang mengku gati, katur ing ngarsanipun para tamu. Wondene jumenengipun Bapa.................., keparenga dipun apit dening Bapa.................. lan Bapa................ Dene Bapa.................. sekaliyan sa