Skip to main content

SUBAMANGGALA


PAMBIWARA NGATURI SUBAMANGGALA NGIRABAKEN TEMANTEN
Para tamu, kados-kados ki Subomanggala sarta ingkang sami humiring lampahing kirab kanarendran sampun sami siyaga ing karya, awit saking menika nyuwun idi lan angestunipun para tamu, temanten badhe kalengser saking palenggahan manjing sasana busana, saperlu rucat kuwaca kanarendran silih busana kasatriyan.



CONTOH CANDRA KAGEM SUBAMANGGALA LUMEBET BALE PAWIWAHAN

*Rerepen :
ASMARANDANA
Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Kena pisan luput pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kelangkung
Tan keno tinumbas arta
Para tamu, lampahe Ki Subamanggala cinandra pyak ngarsa rapet ing wuri garoyah-garoyah lampahe (Mungel Ayak-ayakan Sl. My.) / Kinanthi padang Rembulan).
*Panyandra :
Mabukuh yayah prayetneng kewuh, ngregemeng kaya lintang bima sakti hanyuwak tutuking naga. Lah punika ta warnanira ingkang ndaweg hanawung kridha, ana satriya sujaga kang busana sarwa prasaja. Dedege pideksa, tindak’e susila hanuraga. Sanadyan kathah priya ingkang bebasan sacathok gumbalane sekelut rerawise, ingkang wredha mboten kirang, ingkang muda tumaruna langkung kathah, parandene mboten piniji ing karya minangka subamanggala kajawi panjenenganipun Bapa/Sdr. ....................
Tuhu punika priya ingkang sampun lebda ing karya, bebasan agal alit wus karempit. Katitik saking solah bawa, ebahing sarira, sliringing netra, kapracihna bilih Ki Subamanggala satuhu lebda ing budaya, mila pantes kinarya panuntuning lampah. Kadherek’aken satriya bagus kalih awasta talang pati ywa satria kembar. Kembar Dedege, kembar baguse, kembar busanane, lamun cinandra pindha jambe sinigar. Busanane sarwa jenar, cahyane sumunar, mila ingkang mboten kiat handulu dados kumesar menawi mandheng baguse satriya kembar.
Kasambet ing wuri punika barisaning para wanita piniji, busanane sarwa edi, solah bawane merak ati, eseme ndudut ati. Kedheping netra angrujit nala, inggih punika srikandi praja nuswantara ingkang wonten................... Jejer kalih sak lajur sisih, gandes luwes wiragane, susila patrape.
Laju lampahe Ki Subamanggala samangke sampun prapta hunggyaning kang tinuju, hanenggih palenggahanipun pinanganten. Ki Subamanggala suka samita mring sekaring pawiwahan, gya jengkar saking palenggahan, mentar saking pasamuan manjing pepengkeran.

Comments

Popular posts from this blog

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·          Tigang wulan winastan TRI LOKAMAYA , inggih alam gondar gandir, menawi mboten ngatos-atos saged runtuh, nanging kan

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka