Skip to main content

UCAPAN SELAMAT DATANG DAN INTI ACARA DARI TUAN RUMAH ATAU YANG MEWAKILI (PAMBAGYAHARJA)


ATURIPUN PAMBIWARA BADHE TUMAPAK ADICARA ATUR PAMBAGYAHARJA

Para sepuh pinisepuh, sarta para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, kados sampun sawetawis lenggahipun para tamu hangestreni miwah paring pangestu dumateng pinanganten, kuciwa dene ngantos wekdal menika ingkang mengku gati dereng kuwagang nyabawa caos atur pambagya, ingkang menika jalaran sinawung raos bpmbong, bebeg, mongkok, ngantos mbedhedheg. Sukaning driya hamarwata suta, gambiraning penggalih sak hardi anak’an, pindha karoban madu kajugrugan wukir sari, pramila kumedhaling raos atur panuwun hamung kandheg wonten madyaning jangga temahan tan kuwawa hangandika. Pramila wekdal menika hanyaraya kadang (wreda/muda) inggih menika panjenenganipun Bapa................, kinen hangaturaken atur pambagyanipun ingkang mengku gati, katur ing ngarsanipun para tamu. Wondene jumenengipun Bapa.................., keparenga dipun apit dening Bapa.................. lan Bapa................ Dene Bapa.................. sekaliyan sarta besan sekaliyan kasuwun ngapit temanten sarana jumeneng ing salebetipun atur pambagyaharja. Kaleksananing sedya rahayuning panggayuh kula sumanggak’aken dhumateng Bapa..................
(Purna pangandika atur pambagyaharja sinaut ungeling kebigiro).



CONTOH ATUR PAMBAGYAHARJA

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
  • Panjenenganipun para priyayi agung ingkang satuhu luhur ing budi;
  • Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh ingkang mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi-pundhi;
  • Para purna karya labet praja, para sarjana, sujana, sujaneng budi ingkang winantu ing pakurmatan;
  • Para alim ulama ingkang rahinten dalu tansah sumandhing kitab wahyuning Illahi, ingkang pantes sinudharsana;
  • Para kulawarga baraya wiyata ingkang tansah mastuti ing reh kautamaning budi;

Sewu lepat diagung ing pangaksama, inggih awit saking keparengipun ingkang mengku gati panjenenganipun Bapa ................. sekaliyan garwa, kula piniji ing karya kinen hangaturaken wosing gati, gatining sedya ing wekdal kalenggahan menika.
Sinartan tansah ngaturaken suka miwah sukur dhumateng kamirahaning Gusti Ingkang Maha Suci, kula ngaturaken pambagya wilujeng rawuhipun para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi. Ngaturaken panuwun ingkang tanpa utami dene para tamu sampun kersa nglonggaraken wekdal ingkang ingkang saperlu bade paring pangestu donga kalawan puji dhumateng ingkang mengku gati.
Ingkang mengku gati nuwun inggih Bapa .................... sekaliyan garwa nyuwun pangapunten ingkang sakalangkung ageng amargi anggenipun caos pakurmatan rawuhipun para tamu, inggih ingkang arupi palenggahan sarta pasugatan, mboten saged handadosaken suka renaning penggalih amargi kawontenan ingkang sarwa winates.
Para tamu ingkang satuhu luhuring budi,
Kados ingkang sampun kawuningan, lumantar kintaka wara punapa dene warta ingkang binandunging karna, bilih wekdal samangke panjenenganipun Bapa............... sekaliyan garwa hanetepi dharmaning asepuh, ngentas pitulus kenya taruninipun ingkang asesilih Roro........... Kang wus sumedya jinatu krama dening jejaka tumaruna akekasih Bagus..................., putranipun Bapa.................. sekaliyan garwa, ingkang pidalem ing .................
Dene kalampahaning sedya, Ijab Qobul sampun katindak’aken kala wau watawis tabuh ............ wonten ing................... Adicara ijab qobul nikah lumampah lancar tidhem tentrem kalis ing rubeda. Pramila sinartan ngagungaken raos sukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingka Maha Welas, Bapa ........................ sekaliyan garwa nyuwun puji donga lan pangestu mugi-mugi temanten sekaliyan dados keluarga bahagia lahir batin, hayu hayom hangayomi (inggih keluwarga sakinah, mawadah, warohmah, sejahtera lahir batin) tinebihaken saking cecongkrahan dahuru daredahing sesemahan.
Mugi Gusti Allah Ingkang maha Agung enggal paring nugraha dhumateng temanten sekaliyan, tuwuhing wiji ingkang saged nyambet sejarah reh tumerahipun ingkang sami bebesanan.
Para tamu, inggih awit saking agunging raos syukur ing ngajeng, tematen kekalih kawisuda, anut adat widi widana ingkang tasih lumampah wonten ing .................
Para tamu kakung putri ingkang agunging darma, mboten kalimputing nala Bapa................. ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak kadang miwah tangga tepalih pamong mitra sedayanipun, ingkang sampun kepareng paring eguh pratikel saha rerigen menggahing dhumateng dana prabeya, sadaya kala wau hambok bilih Bapa................ sekaliyan garwa mboten saged mangsulaken karana lahir, amung kasumanggaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Kawasa. Mugi kadarman panjenengan dadosa amal kesaenan.
Pepuntaning atur saking Bapa............... sekaliyan garwa, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sadaya, wonten kiranging boja miwah krama mugi diagung pangaksama panjenengan sadaya. Kula minangka talanging basa ing kalenggahan punika hambok bilih anggen kula matur wonten kiranging suba sita mugi diagung pangaksama panjenengan sadaya. Gonyak-ganyuk’ing wicara ingkang mboten mranani diri, kula nglenggana kiranging seserepan ingkang jalari kuthunging pamanggih miwah kirang pana dhumateng wewarahing para winasis ing reh basa tuwin sastra, mawantu-wantu kula tansah tumadhah baludaging samudra pangaksama, ing wasana pitungkasing atur kula ngaturaken sesanti hayu rahayu ingkang sami pinanggih.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.



ATURIPUN PAMBIWARA MENAWI ATUR PAMBAGYA SAMPUN RAMPUNG

Panjenenganipun para tamu kakung miwah putri, mekaten menggah atur pambagyaharjanipun Bapa................ sampun tinalang basa panjenenganipun Bapa.................. Salajengipun sarehning sampun sawetawis temanten sekaliyan kalenggahaken wonten telenging sasana pahargyan, samangke tumunten badhe kalengser saking palenggahan manjing sasana busana saperlu gantos ageman, ngiras pantes nindak’aken upacara kirabing temanten. Wondene ingkang kepareng mratisisaken lampahing upacara kirab kanarendran, nuwun inggih :
  • Subamanggala Bapa/ Sdr ......................
  • Senopati kembar, pun bagus............... lan bagus.....................
  • Patah sakembaran nimas ayu................. lan nimas ayu.....................
  • Putri dhomas cacah 8 (wolu) ;
1.   ..................................................
2.   ..................................................
3.   ..................................................
4.   ..................................................
5.   ..................................................
6.   ..................................................
7.   ..................................................
8.   ..................................................
Datan kantun panjenenganipun Bapak lan Ibu...................... (Besanipun ingkang mengku gati)
Wondene minangka pethit tut wuri handayani humiring lampahing pinanganten ingkang mengku gati inggih panjenenganipun Bapa.................. sekaliyan garwa.

Comments

Popular posts from this blog

CONTOH MATERI PADA ACARA BUBAK KAWAH

POCAPAN TULADHA BUBAK KAWAH Hamiwiti mbubak kawah anggenipun kagungan hajat mantu Bapa.............. sekaliyan. Megaring songsong agung sinareng binukaning warana tutuping sesaji, netepi darmaning asepuh sayekti yen mantu sepisanan ngawontenaken acara bubak kawah, dene menawi wuragil ngawontenaken acara tumplak punjen. Bubak kawah den saranani mbuka kendhaga mulya, hiya den arani kendhaga kencana. Sareng binuka tutuping kendhaga ana cahya seta ingkang winastan CUPU ADI MONDHALIKA , lan wonten cahya rekta ingkang winastan CUPU MANIK ASTAGINA . Cupu Adi Mondhalika dumadi saking rahsaning bapa, Cupu Manik Astagina dumadi saking rahsaning biyung. Manunggaling rasa mulya nyarengi dhumawahing mangsakala kodrating kawasa, biyung hanggarbini. ·          Setunggal wulan hanggarbini winastan EKO KAMANDANU ·          Kalih wulan winastan DWI PANUNGGAL ·          Tigang wulan winastan TRI LOKAMAYA , inggih alam gondar gandir, menawi mboten ngatos-atos saged runtuh, nanging kan

ACARA SERAH TERIMA (PASRAH LAN PANAMPI)

ATURIPUN PAMBIWARA NGATURI PASRAH DHUMATENG TETUANGGANING ROMBONGAN TEMANTEN KAKUNG Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya, lulus raharja praptanipun rombongan temanten kakung samangke tetuangganing rombongan sampun pinarak jumeneng wonten ing sasana pasrah, awit saking menika sasana miwah pandayawara kasumanggakaken dhumateng tetuangganing rombongan, sumangga nuwun. CONTOH PASRAH TEMANTEN BADHE PANGGIH Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapa / Rakamas ............... ingkang wekdal menika ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan minangka sulih sarira panjenenganipun Bapa ................ sekaliyan garwa (ingkang mengku gati), ingkang winantu hing pakurmatan. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan hangirit panekaring putra pinanganten kakung ginarubyuk santana warga, inggih awit kula ngemban wajib minangka dados duta sarayanipun Bapa .................... sekaliyan garwa ingkang pidalem hing .................... Sakderengipun kula ma

KIRAB KASATRIYAN PADA ACARA PERNIKAHAN JAWA ADAT SURAKARTA

PAMBIWARA NYAOSI PIRSA BILIH PINANGANTEN SAMPUN RAMPUNG ANGGENIPUN GANTOS AGEMAN, NUNTEN BADHE KASOWANAKEN ING SASANA PAHARGYAN Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking paran para, bilih wekdal menika pinanganten sampun silih busana............... Dene Ki Subamanggala, inggih Ki Manggalasuba sampun siyaga hanyowanaken pinanganten, candranipun sami katingal gembira ing wardaya prasasat sinuba-suba penggalihe. (Nunten mungel Subakastawa Sl.9). CONTOH KIRAB KASATRIYAN Suren-surem dewangkara kingkin, katawung ing himandha, bebasan soroting surya kalingan mega, padhanging swasana kendih saking busananing temanten. Duk nalika busana kanarendran katingan kados raja lan prameswari, sareng sampun busana kasatriyan candrane pinda satriya taruna ingkang ndaweg cangkrama sekaliyan garwa, mangengar-enggaring driya. Tindhakira handerek’aken manggalasuba ingkang sampun piniji, pranyata pantes kalamun kinarya tuladha. Sinten ta ingkang lumaksana ka